WANCI ENJING KANG SUMYAH
kapacak ugi ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=3164744277138021&id=1684548218490975
Wanci enjang kang sumyah
sidheku marek ing ayunan Paduka Gusti
kawula repekaken kidung pamuji
awit agung cipta-ripta Paduka
Mendah elok kwaos Paduka Gusti
datan saged tinandhing
Langit bumi denya karipta
dalah salir saisining jagat raya
Endahing sesekaran ing ngare
ijo royo gumelar sawah
Wana wasa amba pinenthang
iba agunging cipta-riptaNya
Sasadara, raditya dalah kartika
arcapada sinartan samodra
riptaning Gusti Kang Ma' Wisesa
gya kamulyakna AsmaNya
JM, esuk sumyah, 140122
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar