LUHUR BEBUDENE
kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3170254609920321/
Kacarita ana bocah lanang jenenge Tono umur-umuran SD sing katon gita-gita ninggalake sekolah sawuse jam pelajaran rampung mung saperlu dodolan kertas koran lawas sing diklumpukake, kanggo golek pangasilan tambahan kanggo ngrewangi simboke/biyunge.
Dene pakne embuh lunga nang ngendi ora tau ngaruhake.
Si Tono urip mung karo simboke lan adhine wedok sing isih balita. Minangka lanang dhewe ing omah, dheweke rumangsa wajib asung kabagyan marang wanita loro kang ingajeni lan tinresnani yaiku simbok lan adhine.
Sawijine dina, kaya adad sabene si Tono nawakake dodolan kertas koran lawas ing warung-warung sembako. Dina iku tekade nedya mulih nggawa roti ulang taun adhine sing wus suwe kepengin roti kasebut.
Tumraping Tono lan kulawargane sing jenenge roti mujudake panganan larang anane mung ing impen, nanging kanggo nyenengake adhine Tono duwe tekad bisa tuku nggawa roti ulang taun saka kethekelane anggone dodol kertas koran dina iki. Sawuse susah-susah nglumpuke koran lawas saka antarane omah tangga teparone siji lan sijine wusanane Tono bisa kelakon tuku roti ulang taun. Si Tono nggambarake esem adhine mengko nalika nampa roti kasebut.
Ringkesing crita,
Tono metu saka toko roti klawan ati lega eseme katon sumringah. Ananging ing ngarep toko roti iku Tono meruhi ana bocah wadon lagi mangan panganan sing diudhal-udhal saka tong larahan. Nuli Tono jroning ati thukul perang batin mesakake antarane bocah wadon iku karo adhine. Sanalika si Tono nglilakake rotine kanggo bocah wadon iku. Sabanjure, Tono luru kertas-kertas koran maneh nedya bisa oleh dhuwit kanggo tuku maneh roti ulang taun.
Nadyan wus bengi, si Tono kejaba nglumpukake kertas koran uga nglumpukake apa bae sing bisa kaedol. Si Tono nekani toko roti mau ning ora wani mlebu. Si Tono ngerti yen dhuwite isih kurang. Piye meneh carane bisa oleh tambahan dhuwit kanggo tuku roti ulang taun. Satengahe Tono bingung, ana ibu-ibu metu saka toko roti iku dumadakan ketabrak dening uwong lan barang gawane ibu iku tiba kececeran. Tanpa mikir meneh si Tono njur ngrewangi ibu iku nglumpuke barang-barange. Rumangsa kabiantu dening Tono, ibu iku bali mlebu toko saperlu tuku roti lan diparingke marang Tono minangka rasa matur nuwune.
Tono : "Boten sisah bu kula eklas kok ngrencangi ibu, matur nuwun" karo nampik paringane ibu iku.
Ibu iku : "Ora apa-apa nak tampanen iki minangka rasa sokur lan panarimaku awit pitulunganmu mau marang ibu."
Wangsulane Tono : "Boten bu, kula estu eklas kok, boten sisah pun-galih."
Bacute,
Nalika Tono bukak kothak roti iku iba banget senenge. "Roti sing dakwenehke menyang bocah wadon mau oleh piwales dening Gusti Allah", osiking Tono jroning ati.
Eliding crita,
iba Gusti datan mendel bae mring kaelokan/kabecikane abdiNe masiya mung cilik katon sapala.
Mugya kita bisa methik tuladhane bocah cilik si Tono iku kang LUHUR BEBUDENE.
Ambage apa bae nadyan katone sapala miturut pangrasa kita, nanging oleh biji gedhe lan mulya ing ngarsane Gusti.
JM, lingsir wengi, 22122
rinakit dening eNPe
(Kadudud lan karingkes sarta kaowahi saka sumber asline) https://www.kompasiana.com/eisna414/55298c73f17e611603d623a9/jangan-anggap-aku-kecil :
*Jangan anggap aku kecil*
Sebut saja Wahyu, seorang anak usia sekolah dasar yang harus buru-buru meninggalkan sekolah seusai jam pelajaran selesai hanya untuk memulung. Mencari penghasilan tambahan untuk membantu ibunya. Ayahnya entah pergi ke mana. Ia hidup hanya dengan Ibu dan adiknya yang masih balita. Sebagai satu-satunya laki-laki di rumah Ia merasa berkewajiban membahagiakan dua wanita berharga dalam hidupnya
Suatu hari, seperti biasa Ia pergi memulung seusai pulang sekolah. Hari itu Ia bertekad membawa pulang sebuah kue ulang tahun untuk adiknya yang selama ini begitu menginginkan kue tersebut. Bagi keluarga Wahyu kue adalah makanan mahal yang hanya bisa diimpikan, namun demi membahagiakan adiknya Ia bertekad akan membeli sebuah kue ulang tahun dari hasil memulungnya hari ini. Setelah berlelah-lelah memulung dari tong sampah ke tong sampah, akhirnya Wahyu dapat membeli kue itu juga. Wahyu pun tersenyum sumringah. Terbayang sudah senyum adiknya ketika nanti menerima kue tersebut. Wahyu menjadi tak sabar untuk cepat sampai di rumah.
Wahyu melenggang keluar dari toko kue tersebut dengan perasaan lega. Senyum lebar menghiasi wajah kumalnya. Akan tetapi di depan toko kue tersebut Wahyu melihat seorang anak perempuan tengah memakan makanan dari hasil mengais-ngais sampah. Hati Wahyu bergemuruh. Perang batin langsung melanda hatinya. Antara kasihan dengan anak perempuan tersebut atau adiknya. Ah, betapa malunya. Anak sekecil Wahyu saja begitu peka. Wahyu pun merelakan kue ulang tahun adiknya untuk anak perempuan tadi. Alhasil, Wahyu harus pergi memulung lagi agar bisa membeli kue ulang tahun kembali.
Meski malam telah memakan siang, tekad Wahyu untuk pulang dengan membawa kue tetap tak surut. Dengan membawa uang hasil memulung keduanya, Wahyu pergi ke toko kue itu kembali. Akan tetapi Wahyu yang merasa uangnya kurang tak berani masuk ke dalam toko. Ia terduduk diam di emperan toko sambil memutar otaknya. Bagaimana lagi Ia harus mencari uang tambahan agar cukup untuk membeli kue? Di tengah kebingungannya tersebut, seorang ibu yang baru saja keluar dari toko kue itu tak sengaja tertabrak oleh seseorang sehingga barang bawaannya berhamburan. Tanpa berpikir panjang Wahyu langsung beranjak untuk membantu ibu tersebut. Merasa terbantu oleh Wahyu, ibu itu kemudian kembali masuk ke toko kue itu untuk membeli sebuah kue dan memberikannya kepada Wahyu sebagai ungkapan terima kasih.
Saat membuka kotak kue itu Wahyu sangat senang sekali. Kue ulang tahun yang diberikannya kepada anak perempuan tadi diganti oleh Tuhan dengan kue ulang tahun yang lebih besar. Betapa Tuhan tak menyia-nyiakan kebaikan hamba-Nya sekecil apapun. Semoga kita selalu bisa belajar dari seorang anak seperti Wahyu. Bahwa berbagi dengan harta terakhir itu meski kecil di mata manusia, bisa jadi besar nilainya di mata Tuhan.
Komentar
Posting Komentar