KAKUWASAAN DADI SUMBER PASULAYAN
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=3160155204263595&id=1684548218490975
Lamun kakuwasaan dadi gegayuhan utama kang digadhang-gadhang, wong-wong padha ngudidaya rebutan. Nalika pikoleh kamenangan anggone anggayuh kakuwasaan banjur ngudidaya kepriye supaya kalungguhan kuwasa iku ora ilang. Wusanane, sing dumadi amung kadya "lingkaran setan", akeh wong sing padha rebutan lan sikut-sikutan nganti kadurakan kang ngambra-ambra, contone tumindak 'korupsi' kanggo ngamanake kalungguhane, nyebar pitenah lan sesengitan lsp. Wusanane kang dumadi, kakuwasaan dadi sumbering pasulayan / cecongkrahan.
Mendahneya, yen suwalike kakuwasaan bisa dadi piranti agawe kabecikan kang luwih jembar. Sabab, kakuwasaan dudu kawenangan kanggo ngendhaleni wong liya, ananging kakuwasaan sejatine piranti kaprigelan anggone ngajak nyengkuyung rancangan ambangun kaprajan murih kanggo kemakmurane masarakat lan bangsa. Ya kaya mangkono iku kakuwasaan kang sanyata bisa gawe owah2ane kahanan kabecikan kang murakabi tumraping wong akeh kadya apa kang dadi kersane Gusti Allah.
JM, grimis sore-sore, 70122
dening eNPe
Ketika kekuasaan menjadi tujuan, orang menjadi sibuk memperebutkannya. Ketika berhasil mendapatkannya, kekuasaan itu digunakan untuk mempertahankan kedudukan. Akibatnya, terciptalah lingkaran setan. Banyak orang berebut dan saling menjatuhkan, sehingga kejahatan merebak, contohnya korupsi berjemaah untuk mengamankan kedudukannya, nyebar fitnah & ujaran kebencian dll. Akhirnya kekuasaan jadi sumber permusuhan.
Sebaliknya, kuasa bisa menjadi alat untuk melayani kebaikan yang lebih besar. Sebab, kuasa bukanlah wewenang untuk mengendalikan orang lain. Namun, kuasa adalah kemampuan untuk memengaruhi dan menginspirasi orang lain. Dengan demikian, perubahan keadaan yang ditandai dengan datangnya kebaikan menjadi selaras dengan kehendak Allah.
Komentar
Posting Komentar