KLUWUNG ASIHE GUSTI

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3161252250820557/


Margane urip nora tansah tanpa pedhut kang winenga,

jer Sih-tresnane Gusti yekti ing wanci kang rinengga.

Ing ngaluhur kandeling mendhung kluwung asih cinipta,

ya amung ing sadhuwure kluwung asih pinenthang salaminya.


Samangsa prahara anrajang, nuli mendhung peteng nggegirisi,

udinen ing sadhuwure mega mendhung kluwung asih kang dumadi.

Waspadakna warna-warnine, mahanani agung sih katresnan sayekti,

Aywa wedi lan gumeter, Gusti wus sinung janji.


Singkirna rasa wedi lan mutung, masiya margamu kalimput peteng sestu,

tineguhna kapracayan lan mantepa jangkahmu.

Gusti iku Ma' Asih, minangka panglipurmu,

ing dhuwur duhkita cumlorot kluwung Asih Gustimu.


Udan mendha, katon kluwung kadya teguhing janji,

ing suwalike duhkita angantu kluwung Asihe Gusti.

Ing tilamrum pra jalma gumregah tangi

gegancangan puja-pinuji mapag berkahe Gusti.


JM, ahad esuk, 80122

        dening eNPe


kajarwa ing basa Indonesia :

Jalan hidup tak selalu tanpa kabut yang terbuka,

namun kasih Tuhan nyata pada waktu yang tepat.

Tlah tercipta p'langi kasih di awan yang tebal,

di atas nyalah terbentang p’langi kasih yang kekal.


Jika badai menyerangmu, awan turun menggelap,

carilah di atas awan p’langi kasih yang tetap.

Lihatlah warna-warninya, lambang cinta yang besar,

Tuhan sudah b’ri janjiNya, jangan lagi ‘kau gentar.


Jauhkan takut putus asa, walau jalanmu gelap,

perteguh kepercayaan dan langkahmu pertegap.

Tuhan itu penuh kasih, itulah penghiburmu,

di atas duka bercahaya p’langi kasih Tuhanmu.


Habis hujan tampak p’langi bagai janji yang teguh,

di balik duka menanti p’langi kasih Tuhanmu.

Para mahkluk bangun dari tidurnya

bergegas memuji sambil menyambut berkat Tuhan.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN