SUGENG_WARSA_ENGGAL

   kapacak ugi ing https://fb.watch/pfxuRpIzS8/?mibextid=2JQ9oc


Pinuji puji Gusti sih rahmatnya gung yekti..,

salebeting warsa lami kita tansah den rimati..,

nadyan tinempuh pageblug nanging tansah manteping ati..,

wit kinanthi ing Gusti temahan tansah basuki.


Linuhuraken Hyang Ma'kwasa kang langgeng katresnannya..,

ing warsa enggal puniki nggih mesthi tansah mberkahi..,

mung karaharjan sanyata ngirid lampah kita..,

mila tan kendhat muji lan setya-tuhu mring Gusti.


Kita nilaraken warsa lami wit kang enggal sampun prapti..,

anapaki mlebet ing warsa enggal puniki..,

samya silih dongaaken mrih mulya gesangira..,

sanityasa winengku dening Gusti Kang Ma'kwasa.


*Sugeng WARSA_ENGGAL_2022!*🙇‍♂


JM, lingsir️ wengi, 010122

      dening eNPe



    jarwa ing basa Indonesia :

Terpujilah Tuhan rahmat kasihNya sungguh besar..,

selama taun lama kita selalu dipelihara..,

walau menempuh pandemi namun selalu mantap di hati..,

karena bimbingan Tuhan jadilah selamat.


Muliakanlah Hyang Maha Kuasa atas kasihNya selamanya..,

di tahun yg baru ini pasti selalu memberkati..,

hanyalah sungguh nyata kesejahteraan menyertai jalan kita..,

karenanya tak putus memuji dan setia patuh kpd Tuhan.


Kita tinggalkan tahun lama karena yg baru telah datang..,

menapaki melangkah memasuki di tahun yg baru ini..,

semua saling mendoakan supaya selamat hidupnya..,

senantiasa dlm lindungan Tuhan Yang Maha Kuasa.


Selamat TAHUN BARU 2022!✊👌✋


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN