CAHYA KRATONING KANG LANGGENG

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3176002569345525/


Sorot kaemasan sumyar lan sumyah

mungkuring ratri sinambut pra jalma

gumebyar cahya sinungging esem.

Sawengi raga ngaso ing tilamrum

gumregah klawan bungah rasaning tyas

sinawang langit wening sumyah.


Endah sampurna cipta-riptaning Pangeran

aku kesengsem rumesep jroning nala

nyawang ripta-karya agung AstaNya.

Apa iku dede pralambang tumrapku

nelakake kamulyaning kaswargan

cahya kratoning kang langgeng


JM, gagat-bangun, 30122

         dening eNPe



Surya kencana, riang dan segar,

malam berlalu disambut para mahkluk

bermandi cahya tersenyum berseri.

Semalam suntuk terbaring tubuhku;

kini ‘ku bangun; dengan rasa kagum

kupandang langit ceria jernih.


Indah sempurna ciptaan Tuhan:

ku terkesima takjub dilubuk hati yg terdalam

melihat karya tanganNya yang agung megah.

Bukankah itu perlambang bagiku

yang di warnai semarak sorgawi

cah'ya KerajaanNya yang baka

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN