TAPAKING WEKTU

   kaunggah uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3156486284630487/


Para kadang kinasih,

Wektu lumaku terus, lon-lonan ning pinasthi..,

datan maelu apa kita uga tumapak jajar sairing..,

tumindak ing pakarti apa mung megegeg..,

aywa ngantya temekane diuntal Bethara Kala.


Sang wektu terus nggremet datan katitik petilasannya..,

lamun kita lumaku binarung Sang Wektu, tapaking wektu kawistara nyata..,

Tapaking wektu badhea musna dene nora duwe paedah tumrap sasama..,

tumrap saliring jalma cipta riptaning Gusti..,

kanggo lestarining uripe manungsa klebu paguyuban kita.


Sugeng mangayubagya mecaki *Warsa Enggal rong ewu rolikur*..,

kanthi kebak mituhu mring Gusti Kang Ma'Luhur..,

mugya patilasan kita nora sirna dening dunung lan wektu..,

jalaran petilasan kita kang kebak ing piguna murakabi marang pra sasama..,

Mugya Gusti tan kendhat anjangkungi lan angampingi uriping kita samya... Amin 🙏


JM, gagat bangun, 020122

        dening eNPe


Kajarwa saha kadudud saka seratane kadang kinasih Pb Santosa ing WAG.. matur nuwun.👏


SAHABATKU...ALUMNI,

Waktu terus berjalan, lambat tapi pasti,

tanpa peduli apakah kita juga seiring berjalan,

bertindak, berkarya, atau kita berhenti di tempat

hingga di "mangsa" Bathara Kala, 


Sang Waktu yang terus bergerak tanpa meninggalkan jejak. 

*Jejak waktu ada jika kita berjalan bersama Sang Waktu.* 

Jejak-jejak itu akan musnah manakala jejak itu *tidak bermakna bagi orang lain,*  

bagi segala makhluk yang diciptakan Tuhan 

untuk keberlangsungan hidup manusia, termasuk komunitas kita. 


*Selamat menapaki tahun baru 2022. 

Semoga  jejak2 kita di tahun ini, tak kan terhapus oleh ruang dan waktu, 

karena jejak yang kita tinggalkan penuh makna.*

Semoga Tuhan selalu melindungi dan hadir dalam perjalanan kita masing-masing. Amin.


sobat Pb Santosa

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN