PINUNJUL TRESNA
kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3172433773035738/
Tyang kang nayogyani tyang ringkih papa,
mrih darbe ajining manungsa
nggih tyang kang ambek darma
kumedah nglumantaraken berkah nyata
Tyang kang ngrukunaken tyang sulayan
tansah ngarah katentreman
muhung tyang kang olah ing katresnan
tansah nebihi ing cecongkrahan
Yekti hamung tigang prakara
pangajeng-ajeng lan pracaya
tuwin katresnan sanyata
lelabet trusing driya kang pinunjul tresna
JM, lingsir wengi, 25122
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar