URIP SATIMBANG (renungan)
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=3165972853681830&id=1684548218490975
Ana panemu, manungsa iku sajroning urip amung duwe telung bab yaiku 'dhuwit, wektu lan tenaga/daya'.
Rikala isih anom lumrahe uwong durung duwe dhuwit akeh. Ananging, duwe tenaga kang santosa kanggo ngudi daya golek dhuwit/rejeki. Ya amarga kudu sregep nyambut gawe nedya nglumpukake dhuwit (raja brana), mula njur kelangan wektu kanggo ngresepi uripe, anane mung nggethu nyambut gawe bae nganti nglirwakake wajibing manungsa atur pamuji sokur lan pangabekti konjuk mring Gusti Allah Kang Maha Agung.
Sajroning lumaku lelakone urip, dhuwit wiwit nglumpuk baka sethithik wusanane dadi lan sugihe. Ngunduri tumekane adi-yuswa (sepuh), manungsa duwe cukup dhuwit kanggo menikmati urip, nanging ora kurang uga akeh sing uripe ora mapan lan ora tumanja malah kepara urip papa.
Bali mring priyayi adi-yuswa kang klebu sugih kebak raja brana, emane mundur daya kasantosane ing salira krana nyimpen lelara werna-werna awit nalika nom-noman urip ora temata ya ngasone ya mangane uga kurang olah salira.
Biyene nalika isih durung mapan uripe pengin mangan enak ora duwe dhuwit, pengin lelungan ibarate ngubengi donya njajah desa milangkori ora katurutan. Bareng samengko wus mapan uripe jalaran ora temata lakuning urip ketaman ing lelara, pira-pira keliling donya mlaku bae kudu tinuntun, ya kadya mangkono lakuning urip manungsa.
Kaprayogaake kanggo kang isih kanoman, nglakoni darmaning urip iku kudu satimbang sacara karohanen lan kadonyan.
Kita sayogya sawanci-wanci kudu ngabekti sumuyud mring Gusti mituhu marang pepakon dhawuhe,
"Sira tresnaa marang Allahira kalawan gumolonging atinira lan nyawanira, gumolonging budinira apadene saliring kakuwatanira. Saha sira tresnaa marang sapepadhanira kadya marang awakira dhewe." Iku kang dadi pepakon laku utama minangka angger-anggere Gusti Pangeran Kang Maha Wisesa. (Mat12: 30,31)
Aja amung mburu kasugihan nggethu nyambut gawe nganti nglirwakake ngibadah lan wektu kanggo bebrayan kulawarga lan masarakat.
Sumangga para kadang sutresna PBJ 👍
Salam tentrem rahayu kang pinanggya 👏
Gusti amberkahi... Amin 🙏
JM, lingsir wengi, 160122
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar