ADIGANG, ADIGUNG, ADIGUNA
kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3166829270262855/
Tetiyang kang ADIGANG mung nyebar panandhang.
Wateknya sami tegel, nindhes mring sanes tyang.
Pituwasnya bebendu bramantyaning Gusti.
Nanging tyang tresna satuhu, gesang yekti.
Tetiyang kang ADIGUNG mung nandur sangsara.
Remen umuk, gumunggung, ngina mring pepadha.
Mesthi ngundhuh antaka, awit adiling Allah.
Nanging tyang kang lembah-manah sinung berkah.
Tetiyang ADIGUNA mung ndhedher cilaka,
nganggep Allah tan ana, sabdaNya mung nglaha.
Mung panen karisakan, dedukaning Pangeran.
Nanging tyang ering mring Allah, sinung kinasihan
Tyang kang NGEGUNGAKEN DHIRI, mung ngundhuh bilai.
Tansah ngumbar pikajeng, tan ngetang sesami.
Gesang jroning pepeteng, pikolehnya pati.
Karaharjan kang langgeng mung ing Gusti.
JM, parak esuk 170122
dening eNPe
sorogan pojok :
ADIGANG : ngegung-egungake / ngagul-agulake kekuwatan/kuwasane
ADIGUNG : ngegung-egungake / ngagul-agulake kaluhurane
ADIGUNA : ngegung-egungake / ngagul-agulake kapinterene
Komentar
Posting Komentar