MUTYARA-MUTYARA KAURIPAN

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3175229396089509/


Pira-pira netepake pepancasan mring liyan

sayogya nisihake wektu ndongakake mring liyan

nedya anggayuh kang luwih kapranan

diklawan sira aweh kapracayan mring liyan 


Dina kawuri wus pana, dina sesuk durung prapti 

kita hamung darbeni dina iki

payo miwiti mamrih kabecikan kang pinanggya

aywa ngantya kang wus dumadi muspra kabenan ilining tirta


Datanpa Gusti Kang Ma' Wisesa, urip nora darbeni gegayuhan

datanpa gegayuhan, urip nora darbeni makna

datanpa makna, urip nora duweni sedya

kadya lumaku ing palimengan


JM, lingsir wengi, 29122

    rinonce dening eNPe


   Jarwa ing basa Indonesia :

Alih-alih menghakimi orang, 

sebaiknya meluangkan waktu yang sama untuk berdoa bagi mereka, 

untuk menjangkau mereka yg lebih berguna

memberi tahu mereka bahwa kita percaya pada mereka.


Hari kemarin sudah hilang, hari esok belum datang.

kita hanya memiliki hari ini. 

Mari kita mulai demi dicapainya kebaikan

jangan sampai yang jauh lebih baik di depan kita hilang begitu saja.


Tanpa Tuhan, kehidupan tidak memiliki tujuan. 

Tanpa tujuan, hidup tidak memiliki makna. 

Tanpa makna, kehidupan tidak memiliki harapan

bagai berjalan dalam kegelapan.


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN