POCAPAN WICAKSANA

   kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2953168598295591&id=1684548218490975

Ana pasemon kang unine ing bs Ind. "mulutmu harimaumu" ngemu teges kang mratelakake dene kawetune guneman saka cangkem kita nduweni daya kadya macan kang rosa.

Pocaping lambe kita bisa nyerang wong liya bisa uga mialani mring kita dhewe malah bisa gawe sedhih, rasa serik lan nglokro semangate.

Pocapan bisa njalari urip matine uwong. Kleru anggone ujar ing kahanan kang ora trep bisa-bisa kalungguhan uga nyawa bisa kabur katut angin utawa pralaya.

Ing jaman saiki kang sarwa gampang sinebar warta-warta ing medsos, kita kudu luwih waspada mring pocapan kita, aja sembranan angger muni bae tanpa katiti dhisik bisa-bisa prakaran karo paugeran ITE.

Guneman wicaksana kang kaucap utawa tinulis bisa gawe piguna, samono suwalike bisa njalari kang ora becik mring kahanane wong akeh utawa kita dhewe. Mungguh ing bab iki wong liya bisa mbiji sepira bobot lan luhur bebuden kita.


JM, gagat bangun, 31321

         dening eNPe


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN