NITI-PRIKSA & BALI NITI-PRIKSA

    kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2953517324927385&id=1684548218490975

Asring kita krungu tetembungan ing bs Ind. "check and recheck" tembung kang wus jamak mau ngemu pepeling supaya uwong tansaha niti-priksa lan bali niti-priksa maneh. Bisa uga, bab iku gegandhengan karo upamane nyawisake rancangan acara gladhen sawijining adicara mantu utawa rancangan lelungan lsp lsp. Bisa uga kang luwih waspada gandhenge karo kasunyatan sawijining warta kang kita tampa.

Ing jaman kamajuan kadya samengko iki, sawernaning warta pating sliwer rikat sumebar. Lha priye ta jal... amung manganggo siji utawa rong driji bae, sawijining warta bisa kanthi rikat sumebar ing medsos liwat HP datan winates maneh.

Kerep banget kabar palsu kang gawe ruweting swasana melu sumebar.


Mula saka iku, kita kudu tansah setiti lan  niti-priksa maneh sadurunge melu-melu nyebarake sawijining pawarta. Aja nganti kita nemtokake pepancasan mring wong liya adhedhasar kabar kang durung kabukten kanyatane. Aja nganti njalari kasangsaran lan bingunge wong liya krana kabar palsu mau.


Tansaha ngudi kabeneran iku kang utama. Kanthi niti-priksa dhisik kabar kang kita tampa lan prayoga katiti maneh bener orane lagi kita bisa nyebarake pawarta iku murih migunani kanggo wong akeh. Pangati-ati iku kang luwih prayoga aja nganti sembrana, Waspadaa Waspadaa lur ! murih lestari lan karahayon kang pinanggya, nir baya nir sambekala.


JM, sandyakala, 31321

       dening eNPe


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN