TEPA SLIRA (émpati)

   kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2948254505453667&id=1684548218490975

Gegayuhan urip wong Jepang ngenani tembung Tepa-slira.


Ing masarakat Jepang pasrawungan ing antarané manungsa kang dhuwur dhéwé derajadé lan diwulangaké saterusé tumurun wiwit bocah balita yaiku rasa tepa-slira.


Tepa-slira iku nduwèni teges nepakaké utawa mapanaké awaké dhéwé ngémba-émba dadi wong liya sing diajak wawan rembug.


Nalika nembé wawan rembug karo wong tuwa sing lagi mbingungi cobanen tepakna awakmu kaya déné dadi wong tuwa kang lagi bingung mau.


Yèn lagi ngendikan mring putramu coba ngémba-émbaa dadi putramu sing lagi mbeling-belingé.


Mangkono uga nalika lagi ngadhepi langganan utawa mitra pagawéan coba ngémba-émbaa dadi dhèwèké supaya bisa mangertèni kabutuhané dhèwèké.


Yèn arep rembugan karo ndhuwuran, sobat-kadang, mungsuh lan karo sapa baé coba udinen kaya-kaya dadi dhèwèké banjur upayanen apa sing bisa kok rungokaké lan apa kang dikarepaké.


Kabèh mau bisa mujudaké tuladha pasrawungan kang luhur gegayuhané.


Coba digagas kenapa dhompèt, hp lan barang-barang liyané kang ceblok lan kèri ing gerbong sepur ing Jepang wusanané bisa bali manèh marang sing ndarbèki ?

Iku mau bisa kedadéan amarga wong sing nemokaké kaosik ing ati : "Yèn dhuwit ing dompèt iki dak jupuk..., aja-aja wong sing ndarbèki bisa ora duwé dhuwit kamangka gajian isih sesasi manèh. Dhèwèké bisa bingung piyé anggone bayar utang, bayar tagihan listrik, bayaran sekolah anak-anaké, bisa disrengeni garwané, saomah bisa kaliren kang anjalari lelara bisa nganti tumekané pati ya mung jalaran tumindakku kang nora becik"... 


Ya kaya mangkono iku sing diarani tepa-slira dadi lan mulya saha luhuring budaya pasrawungan sing wus lumrah katindakake dening masarakat Jepang.


Mula nagarané sarwa aman lan cepet maju awit budaya tepa-slira mau wus tinular lan kawulangaké wiwit bocah isih cilik.


Mula tuladha apa kang bisa kita sumurupi....

1. Sapa baé sing konangan korupsi, mbudidaya labuh pati (bunuh dhiri / hara kiri) rumangsa wirang.

2. Pandhégané praja kang ora becus MUDHUN saka kursiné awit nepakaké awaké dhéwé dadi rakyat.

3. Para wanita sing mulih nyambut gawé ing wayah bengi duwé rasa aman amarga para priya nduwèni pamikiran, kepriyé yèn iku mau dialami déning adhik, putrine utawa garwané dhéwé?


Ayo kita tiru ngèlmuné masarakat Jepang sing becik ya wiwit saka dhiri pribadi kita tumekaning anak putu kita. 


Muga migunani tumraping budaya kita !


JM, parak ésuk, 24321

  (kapethik saka tulisané kadang sing prihatin sarta kajarwakaké ing basa Jawa)

       déning èNPé

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN