NALA MUJUDAKE PANGENDHALI DHIRI
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2947465208865930&id=1684548218490975
Ana ibu sepuh sugih banget arep nglakoni bedhah cangkok ginjel mbutuhake pamisungsung (pendonor Ind.) ginjel.
Sawuse ngliwati paniti-priksa kang banget setiti, kapilih calon pamisungsung yaiku ibu isih enom klebu mlarat. Loro-lorone kudu nginep ing RS saperlu tata-tata ngadhepi bedhah cangkok ginjel.
Dina esuke sadurunge mlebu ing kamar bedhah, ibu sing sugih pingin ketemu marang ibu mlarat sing gelem dadi pamisungsung ginjel.
Tekan ing ngarep kamare si Ibu mlarat, ibu sing sugih krungu yen si Ibu mlarat lagi nangis. Sawuse ngenalke, si Ibu sing sugih takon, "Apa sing ndadekake Ibu nangis?"
"Aku kepeksa dadi pamisungsung ginjel amarga butuh dhuwit. Bojoku wis kapundhut, aku ora bisa ngopeni anakku 3 sing isih cilik-cilik. Aku kuwatir sawuse ginjelku dijupuk, apa iya aku isih kuwat lan tutug ngancani tekan diwasa", wangsulane si Ibu pamisungsung.
Krungu pratelane ibu pamisungsung ginjel iku, ibu sugih trenyuh atine, nuli ujar, "Aku wus tuwa, wus akeh ngrasakake urip kepenak. Dak gagas-gagas aku ora mbutuhake ginjel maneh, ya wis dene yen Gusti Allah ngersakake umurku tekan watesing aku kudu mati nandhang lelara iki. Jupuken dhuwit iki minangka pambiantuku kanggo ngragadi urip lan sekolahe anak-anakmu."
Bedhah cangkok ginjel wusanane diwurungake. Loro-lorone ibu iku mulih ing omahe dhewe-dhewe.
Sawuse sawetara wektu, si Ibu sugih iku ora ngrasakake lara ginjele. Dheweke priksa ing RS, dhoktere kaget lan gumun nyumurupi dene ginjele wus bali sehat kaya adade. Sacara elmu kasehatan bab iku mokal lan arang kedadean.
Jebulane kanthi tulusing driya gawe amal kabecikan lan netepake urip karo lelarane, tan kinira lelarane diusadani sacara alamiah.. Puji Gusti awit saka keparenge lelarane diangkat.
Para ahli kasehatan mratelakake kesarasan kaya mangkono iku sinebut "Quantum Healing".
Elmu kedhokteran ora bisa nerangake. Mung bae para ahli bisa nerangake ananing prastawa sinebut ing basa ngelmiah "psiko neuro endoktrin immunologi".
Prastawa kang maune saka pangrasane batin lan pikir kang tundhone njalari saraf nuli ndadekake fungsi hormon lan imun badan kang bisa njalari kakuwatan lan nyarasake raga.
Eliding pratelan kang bisa kapethik,
"Kalbu / Nala mujudake pangendhali dhiri"
Bagya uwong kang murah atine, marga tulusing tumindak kabecikan njalari tentrem lan ginanjar kesehatan lan karahayon ing urip.
Kaelokan urip dudu gumantung kepriye kita rahayu, ananging kepriye wong liya rahayu marga kabecikanmu.
Sumangga, mugya migunani!
JM, lingsir wengi, 23321
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar