SININGKIR SAKABEHING PAGEBLUG
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2952104301735354&id=1684548218490975
Nadyan ing ngare clingukan sepi
jroning nala amung sumlang wedi
pasrah sumaraha mring Gusti
tinemu sarwa rahayu kang penesthi
Aywa lena datanpa pamerdi
amung saka ing pangaubaning Njeng Gusti
pra jalma samya asung pepuji
mendah siningkir sakabehing pageblug puniki
Jm, sandyakala, 29321
dening eNPe
#guritpangarepingdriya
Komentar
Posting Komentar