ANYEBAR KABECIKAN & KAJUJURAN
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2942995852646199&id=1684548218490975
Apa ya ana uwong kang ora ngarepake uwoh utawa pikolehe anggone ngupadi kanthi temen-temen? Saben wong kang kanthi rekasa ngudidaya ing upayane wus mesthi nduweni impen apa kang ditindakake ing tembe bakal pikoleh kang becik lan migunani.
Iba atine seneng nalika apa kang kaudidaya kanthi rekasa bisa nggawa paedah kadya kang sinedya. Ananging, kita ora tansah bisa nyipati lan ngrasakake asil anggon kita kethiyelan.
Senadyan mangkono, ayo prayogane anyebar kabecikan lan kajujuran, supaya nadyan ta dudu kita kang bisa methik asile, paling ora ya kulawarga lan masarakat. Aja bosen, awit dene kabecikan kang wus kita andum bakal ngasilake uwoh kang migunani tumraping wong akeh.
Sumangga!
JM, parak esuk, 17321
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar