WUS LUNGGUH KURSI EMPUK LALI NGADEG
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2933228876956230&id=1684548218490975
Ana pasemon kang unine, "Wus lungguh kursi empuk lali ngadeg". Ya kaya mangkono pamikiran kang diduweni saperangan uwong. Lamun sawuse ngrasakake kepenak, owel ngeculake. Kenapa? Amarga ing urip kepenak kang dikiteri lan direksa mawa sakehing kapreluan kang sarwa kepenak.
Pamikiran lan patraping manungsa kang tansah nggrangsang ora tau marem rumangsa isih kurang iki kang njalari tumindak kang kurang elok. Akeh para pandheganing praja kang duwe palungguhan pinracaya minangka pemimpin padha gelem nampa besel kena bebujuk kanggo nglolosake sawijining rancangan pambangunan lan nerak tatanan ukum. Anehe yen wus kapergok dening pamong ukum njur sesumbar yen sejatine dheweke ora katut ing prakara kasebut. Ing kene cetha, lamun wus lungguh ing kursi empuk mendut-mendut lali ngadeg?? hahh!
Ing jaman samengko kahanan iku wus ora kurang lan tansah keprungu pemimpin A uga pemimpin B ing sawijining tlatah nerak tatanan ngothak-athik cathetan palapuran palsu nedya kanggo kapentingan dhiri lan golongane. Ora maelu kapentingan lan kamakmurane rakyat. Wusanane kanthi ngumpetake kaskayane negara kang kondhang aran 'korupsi'.
JM, gagat bangun, 4321
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar