BEKTINE ANAK-MANTU ORA BISA KATANDHING TRESNANE WONG TUWA

  kaunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2931631553782629&id=1684548218490975

sorogan :

kiriman cerkak iki isine becik

ora ngerti sapa sing nganggit lan nulis sepisanan awit wus sumebar ing medsos

matur nuwun katur sang panganggit

nyuwun idi dak bagi mawa basa jawa muga migunani lan murakabi mring kita kabeh, 

nuwun eNPe.


Cerkak ⤵️


"Ibu, mbah putri rawuh!", swara anakku krungu saka pawon.


"Matek aku, marasepuh rawuh aku ra duwe apa-apa, beras entek, kulkas kosong, gula teh ludhes"


Saploke bojoku dipecat saka gawean marga pandhemi aku tetep ngirim dhuwit nisihke seka lehku dodolan lan ngojeke bojoku dimen ora kapirsanan yen putrane lagi kasusahan urip tansah kepenak terus.[goroh kaping 1]


"Mangga, mangga Ibu katuran pinarak!", karo nyalami lan dak gawake tase mblebu kamar. Anakku uga salim terus ngaturi mbah putrine dolanan nang ngarep omah. Nitik tase sing diasta marasepuh akeh sajake arep nyare kene rada suwe.


"Sekedhap nggih bu, dalem nyawisaken unjukan rumiyin", ya aku nanjake wektu mlayu nang warung karo ngumpet-umpet lewat mburi. [goroh kaping 2]


"Mbake, aku ngebon sik ya, mengko dak bayar yen bojoku wis mulih."

"Iya yu, kalem ae." wangsulane mbake warung.


Tujune mbake warung apikan, aku ngebon beras, lenga, gula, teh lan kopi.


"Mbak, mengko ben bojoku sing njupuk ya, nitip sik"

"Siap yu!", wangsulane mbake warung.

Ora lali aku kirim WA nang bojoku, ("mas, mulihe mampir warung langganan nyangking blanjan, ibumu rawuh. Sadurunge jaket ngojek dicopot sik, ethok-ethok mulih nyambut gawe bar blanja." [goroh kaping 3]


Aku rikatan mulih liwat lawang mburi, njur gawe unjukan, nggoreng gedhang paringane sing duwe kontrakan.


"Mangga bu, unjukanipun kalihan pisang goreng pupung taksih anget."


"Iya nduk, piye kahananmu sakulawarga? Ibu arep nginep seminggu entuk ta? Lagi bosen nang ngomah dhewe."

"Inggih bu, mangga, mangga..!"


Iku ateges aku karo bojoku kudu main sandhiwara seminggu kih.


"Bojomu durung mulih seka gawean?"

"Sekedhap malih mbokbilih Bu......., laa menika sampun mantuk!"


Bojoku mulih karo nggawa blanjan lehku ngebon mau, dheweke uga tuku soto Sokaraja remenane marasepuh lan mesthine tanpa nganggo jaket ngojek.


Ibu marasepuh katon rena lan bombong pirsa putrane mulih nyambut gawe karo nyangking blanjan.


Sanalika aku enggal ublek WA-nan kanca saperlu nyilih dhuwit kanggo jagan-jagan. 


Ora ngira uga aku entuk silihan dhuwit seka sing duwe kontrakan. Dhonge iku dhuwit sing wis dak bayarke kanggo bayar kontrakan. Aku janji bakal dak baleke sawuse aku oleh komisi lehku dodolan barange wong.


Sajroning seminggu iki bojoku tansah nganggo sandhangan rapi lan mulih pas jam mulih kantor, supaya ibu ora sujana. [goroh kaping 4]


Aku masak sing enak-enak supaya ibu marasepuh ora pirsa yen putrane ora rekasa urip ing paran.[goroh kaping 5]


Eee... anakku nylethuk blaka, "Enak kih yen ana mbah putri mangane enak terus!",


"Apa adade mangane ora enak?" ngendikane mbahe.

Dak senggol anakku ben noleh njur dak kedhepi mripat.


"Enak sih, mung luwih enak yen ana mbah putri." Aku kuwatir yen dheweke jujur saploke pandhemi mangane saanane sing baku bisa mangan sedina ping telu.


"Le, iku kasurmu atos banget, ibu lara kabeh awake, tulung tukokna kasur Inoac ya ben ibu bisa sare kepenak!", ngendikane marasepuh.


Whadhuhh.., dhuwit seka ngendi kanggo tuku kasur dadakan, kamangka aku ngalahi turu nang jogan gelaran klasa. Sidane aku nyang tukang kredhit sing bisa ngutangi kanggo tuku kasur.


"Asiik kasur anyar, aku mengko bobok karo mbah putri ahh" ujare anakku.


Katon ibu marasepuh rena banget mring putrane dene bisa netepi pepinginane.


Kocapa, esuk2 sadurunge bojoku budhal.

"Le, ibu pingin banget mangan steak sing jarene daginge empuk iku lho!"


"O inggih bu, mangke wangsul saking pedamelan kula betakaken."

Bojoku nyedhaki aku, njur aku bisik-bisik, "pundhutke bae mas, durung karuwan sesuk-sesuk ibu ngersake meneh."


Aku tansah nuruti apa sing dikersakake ibu, kepriyea meneh ibu marasepuh sing nglairke lan nggedhekake bojoku, giliran wus diwasa malah nguripi aku sing cetha wong liya, mula aku wajib mbales budi (ngono batin atiku).


Sajroning seminggu iki aku asring ninggal lunga saperlu ngeterke dodolane wong liya. Ibu ora kabotan merga ana putune sing ngancani.


Sawijining wengi nalika lagi ngobrol jagongan, ibu ngendika,

"Le, sesuk kan dina prei, ibu pengin nglencer nang pante karo mangan iwak bakar, enak banget ya."


Aku karo bojoku pandeng-pandengan, kudu nyilih nang ngendi meneh kih.


"Inggih bu, benjing kita mlampah plesir, ning ibu katuran sare rumiyin supados benjang seger."


Sawuse ibu mapan sare, aku lan bojoku ublek golek silihan, sidane dak gadheke gelang emas wolung gram mahar rikala ningkahan. "Kapan meneh bekti mring wong tuwa mas" ujarku., bojoku mung manthuk-manthuk.


Esuke aku pesen taksi. Nyawang ibu katon rena lan bagya, aku lan bojoku uga ngrasakake seneng  durung temtu nalika kita duwe dhuwit akeh duwe wektu kanggo gawe bagya panjenengane.


Wancine ibu kondur aku mesenke karcis kanggo ngebis lan ora lali dak selipke dhuwit kagem cekelan.


Karo bojoku dak dherekake ibu ing terminal bis jurusan kutha asaling kampungku.

"Ngatos-ngatos bu, HP aktip nggih, nyuwun kabar menawi sampun dumugi!", ujarku.


Nomer bis dak cathet, kuwatir nek ana apa-apa bisa nglacak.


Aku lan bojoku mulih, njur ngetung utang sing kudu dibayar, gunggunge ora sethithik.


"Apuranen ibuku ya, Nis!", ujare bojoku rumangsa salah.


"Kenapa njaluk pangapura mas, ibumu ya ibuku uga, sing baku muga Gusti Allah paring dalan kanggo mbayar utang-utang iki. [masaalah, iba mulyane sang estri iki!]


Nalika aku resik-resik kamar, aku mrangguli ana salembar kertas lan amplop ing meja.

Tinulis,

 "Kanggo anakku lan mantuku sing tukang goroh!"

Matur nuwun ya wus gawe seneng lan mongkog ibu sasuwene ibu nginep ing kene. Mugya Gusti Allah amberkahi uripmu sakloron sumrambah mring anak-anakmu.

seka Ibumu kang tuhu tresna.


Aku lan bojoku maca seru lan ngempet tangis.


Dak bukak amplop, ing njerone ana dhuwit limang yuta.


Sanalika pecah tangisku..... Ibuuuu..! Bojoku melu nangis, " Nyuwun pangapunten Buu..!."


Sawuse lerem, aku menyang warung saperlu nyaur utang sembako wingine.


"Loh, wus dibayar karo ibu maratuwamu mbak, wingi panjenengane didhereke anakmu.".. "Dhuh Gustii...! jeritku.


Aku enggal menyang ibu kontrakan nedya nyaur bayaran kontrakan.

"Wis, ora usah, ibu marasepuhmu wis nglunasi kok, malah iku kontrakanmu wis dibayar setaun."


Aku dheleg-dheleg lemes.

Dhuh Gusti.. , ibu nyadhong pangapunten pun mantu punika ngantos kebatos ngersula rawuh panjenengan ibuu..!"


Aku mulih njur nyritakake nang bojoku, dheweke uga nangis nuli njupuk HP, saperlu nilpon ibu, ning bojoku sajake ora bisa ngomong apa-apa mung sesenggukan.

[Wis ora usah nangis, ibu ora tau ngajari anak ibu goroh, nadyan mengkono gorohmu lan mantuku gawe ibu suka rena lan mongkog]  keprungu ing tilpon.

"Matur nuwun ibu.."


JM, madya ratri, 2321

       dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN