PANGUDIDAYA BAB VAKSIN COVID-19
kaunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2938424793103305&id=1684548218490975
Nalika sepisanan presiden lan para pandhegane negara kasuntik vaksin covid-19 banjur kasusul dening para nakes nuli para bakul pasar Tanah Abang. Uga para sepuh wiwit rame-rame antri supaya bisa kasuntik vaksin lan nyatane aman-aman bae, mulane swara-swara sing nolak vaksin njur sidhem. Sing ana malah para warga rame padha gita-gita nglapur kacathet ing sarana kesehatan supaya enggal bisa dicus (aran kondhang disuntik) vaksin.
Maneka warna upaya lan panemuan para ahli kesehatan lan para pamong masarakat nedya gawe rikate gawean gedhe kanggo kemaslahatan masarakat gawe rasa mongkoge bangsa Indonesia. Iku mujudake jiwa gotong royong bangsa saeka-kapti nedya bisa enggal uwal saka pageblug kang datan keksi iki.
Lamun kita gatekake, nalika Indonesia wiwit ngudidaya ngleksanani vaksin, ana saperangan warga negara liya sing nyemak kamajuan iki. Utamane para warga negara tangga sing cedhak dhewe. Ing medsos2 rame protes lan maoni (ngritik) pamarentahe marga kadhisikan Indonesia. Uga saperangan negara-negara Eropa aweh acung jempol ngalem Indonesia olehe cukat lan trengginas ngleksanani gawean gedhe iki.
Rasa mongkog? La iya ta..., yen ora cepet tanggap trengginas pamarentah anggone ngudidaya minangka kanggo kesehatane sabangsa, kita bakal ngalami nasib kaya ing negara-negara kasebut.
Ayo kita samya njurung semangat gawean gedhe vaksin covid-19 iki, kita ora prelu rangu nglapur supaya kacathet ing lis urutan pratelan dhiri kanggo dicus nurut karo tatanan kang wus katetepake dening pamarentah (KemenKes), ajaw padha rebutan sabar miturut gilirane.
JM, lingsir wetan, 11321
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar