KATRESNAN SAYEKTI

   kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2933971046882013&id=1684548218490975

Tresna iku sepi pamrih miwah luber ing budi,

tan gumunggung lembah manah tansah andum berkah.

Tresna iku sabar krana tulus angapura sesami,

tepa slira miwah jatmika lampah utama kang endah.


Lamun kita angucap sagunging basa ing donya,

nging yen sepi ing katresnan lir gong bendhe menga.

Lamun kita anglakoni tindak luhur mulya,

nging yen tanpa tresna yekti muspra tanpa guna.


JM, gagat bangun, 5321

       dening eNPe


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN