PEMEHAN TANGGANE
kaemot uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2616637298615391&id=1684548218490975 Ana piyayi kakung-putri nembe manggon ing sawijining pomahan. Esuk-esuk sajroning sarapan sing putri nyawang menjaba liwat jendhela kaca lan meruhi tanggane lagi mepe sandhangan. Njur sing putri ujar nang garwane : "Pirsanana pak, kae lo kumbahane katon kurang resik ya, sajake dheweke nora ngerti carane ngumbahi sing bener. Mbokmenawa butuh sabun cuci sing luwih apik." Garwane noleh, nanging mung meneng bae karo mesem nora aweh wangsulan apa-apa. Wiwit kuwi pendhak esuk tanggane mepe sandhangan, sing putri tansah alok rerasanan padha karo dina-dina sapungkure bab tanggane olehe kurang resik ngumbahi sandhangane. Seminggu sabanjure ............... Ing sawijining esuk sing putri gumun meruhi sandhangan kang dipepe tanggane kok katon resik banget. Sing putri celathu nang garwane, "Kae lo pak.., sajake tangga kita wus sinau ca...