SESORAHE WONG GUMUNGGUNG

   kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=3016786711933779&id=1684548218490975

Sesorahe wong kang gumunggung rumangsa dene kabeh pakaryane iku amung saka kadigdayan upayane dhewe, patrap kaya mangkono iku sejatine njlomprongake.

Paukumane Gusti bakal ketaman mring kasombongan lan pamblithukan tumraping wong-wong kang nganggep dhiri tanpa tandhing, wicaksana lan kawentar.


Angadhepi kasunyatan ing donya dene akeh wong kang rumangsa aman lan ngglendem nglakoni tumindak kang nerak tatanan kepara kadurakan. Ajaa rumangsa luput, lha malah nganggep ora ana uwong liya kang ngonangi tandang tanduke lan kadyadene ora mempan paukumane Gusti Allah. Kadurakan sangsaya dibacut-bacutake klawan umuk lan bombong atine ora duwe isin.


Uwong kang rumangsa awake dhewe peng-pengan lan sakabehane didhaku lan dikuwasani, bakal datan kaarsakake ing ngarsane Gusti. Kaanan kaya mangkono iku bisaa dadi piwulang kanggo kita pethik dene kawicaksanan kita ora ana paja-pajane ngungkuli isih ana kang luwih luhur yaiku Gusti Allah Kang Maha Wikan kang nata samubarang apa kang bisa kita pikirake. Samubarang kang ana ing donya iki klebu kita umat manungsa kagungane Gusti, ditata miturut kersa-Ne lan kanggo kaadilan-E.


Wus wancine, rasa umuk kang amung ngagul-agulake dhiri pribadine bakal dijabel lan dibalekake kanggo kamulyane Gusti Allah. Tanpa guna mawa elmu lan kawasisan lamun amung kanggo kasombongan dhiri. Gusti wus ngelingake dene manungsa kang kaya mangkono iku amung pituwase urip dadi ambyar ora tanja.


Sumangga! 🙏


JM, lingsir wengi, 26621

        dening eNPe


Jarwane mangkene ing basa Indonesia :

Perkataan orang-orang yang menyombongkan diri, yang merasa bahwa semua yang mereka lakukan adalah karena kemampuan mereka sendiri. hal itu sungguh menyesatkan.

Hukuman Allah pasti menimpa seluruh kesombongan & kebohongan dari orang-orang yang menganggap diri tak tertandhingi, bijaksana dan terkenal.


Dihadapkan pada kenyataan di dunia, memang ada orang yang merasa aman dan terbiasa melakukan pelanggaran bahkan kejahatan. Jangankan merasa bersalah, orang itu malah merasa bahwa tidak ada orang lain yang tahu perbuatannya dan seolah-olah kebal terhadap penghakiman Allah. Kejahatannya pun terus dilakukan dengan bangga tanpa malu2.


Orang yang merasa diri luar biasa dan tahu segalanya, tidak akan berkenan di hadapan Tuhan. Hal ini menjadi pelajaran berharga bagi kita. Bahwasanya di atas kebijaksanaan kita, ada Allah yang mengatur segalanya lebih daripada yang kita mampu pikirkan. Segala sesuatu di dunia ini adalah milik Allah, diatur menurut kehendak-Nya, dan dipakai untuk keadilan-Nya.


Saatnya telah tiba, kesombongan diruntuhkan dan semuanya dikembalikan untuk kemuliaan Allah. Tiada gunanya memakai ilmu dan kecerdasan hanya untuk kesombongan diri. Allah telah memperingatkan bahwa orang yang demikian hanya akan berakhir sia-sia dalam kehancuran.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN