PENDHAK JANGKAHKU

    kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=3006042183008232&id=1684548218490975

Pendhak jangkahku tinuntun Gusti

den winengku Asta sihNya 

Satengahing prahara nrajang nggegirisi

atiku tetep ayem tentrem raharja


Pendhak jangkahku tinuntun Gusti

dugeng ing papan kamulyan

datan kendhat Gusti kang nganthi

tumujweng taman karaharjan


Samangsa wiwit gonjing imanku

lamun mblasar lakuku

dak sawang Gusti anglantingku

aku mantep ndherek Gustiku


Duk ombake pageblug gawe prahara

amung astaNya tetameng sanyata

Aywa sumlang, aywa geter ing nala

Gusti wus anjangkung mring kita


JM, gagat bangun, 11621

        dening eNPe

 


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN