KAWUSANANE ORA NUHONI PANUNTUNE PROKES C-19
kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3004369299842187/
Para kadang sutresna PBJ
Yen kita mirengake lan migatekake pawarta ing media tv wektu-wektu saiki iki, iba mrihatinake dene ing sawetara akeh tlatah/kutha ing nagara kita iki ngalami serangan pageblug C-19 kang sangsaya nggegirisi. Ana sing nganti kudu di tutup (lock down) ing wilayah kasebut, ya ibukota kabupaten uga klebu ibukota propinsi, akeh kurbane sing nganti tiwas saka ing masyarakat uga kang nguwatirake tenaga kesehatan (dokter & perawat), RS nganti kwalahen.
Lamun ditlisik kenapa bisa kaya mangkono miturut para ahli kesehatan / satgas C-19 ya ora ana liya jalaran saka preenan dawa bakdan sawetara minggu kepungkur. Pamrayogane pemerintah supaya ora padha mulih kampung ora bisa dipenggak gek kaimbuhan solahe masarakat ora ngugemi panuntune prokes, ya saiki ngrasakake kawusanane panularan C-19 kang nguwatirake. Akeh para warga yen dielingake utawa dituturi padha maido lan klebu ngeyel malah-malah kepara ora trima lan nesu. Ohh... tobat-tobat ngadhepi masarakat sing kaya mangkono mawa alesane werna-werna kayata arep mulih kok ora entuk wis rong tahun mosok ora bisa mulih lsp alesan liyane.
Coba ta digagas, yen wus ngene iki sapa sing kapitunan? rak ya kita kabeh ta sing ngrasakake? Ora kurang para pamong lan pandheganing praja, polisi, dhokter samya sengkut tansah ngelingake supaya tetep nuhoni panuntune prokes 3M ya tetep bae akeh sing padha nglirwakake.
JM, sirep jalma, 08621
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar