PANGEMUT LAN PANGELIKE GUSTI
He para kang manggon ing bumi, kowe bakal padha ketaman ing pagiris, bakal padha kecemplung ing luweng lan kena ing kala jiret.
Ing kono sing sapa lumayu marga saka swara kang ngagetake iku bakal kacemplung ing luweng, lan kang munggah saka ing luweng bakal kena ing kala jiret. Amarga cendhela-cendhelaning langit bakal padha kawengakake lan dhasar-dhasaring bumi bakal padha gonjing.
Bumi remuk bubuk, bumi gempur ajur bumi gonjang-ganjing.
Bumi sempoyongan kaya wong mendem lan gonjing kaya gubug katiyup ing angin; dosaning pambalelane tumempuh nggegirisi, mulane banjur rubuh lan ora bakal ngadeg maneh. (Yes 24:17-20)
Gegambaran ing nduwur kadya apa kang kedadean ing wektu samengko iki. Nora bisa diselaki dene pageblug C-19 iki bisa kita patrapi kaya dene tandha-tandha kang katulis mau.
Kejaba kuwi akeh kedadean manungsa kang nora nuhoni tata pamrayoga kang katemtokake dening pamong/pandheganing praja. Prahara alam banjir, gunung njeblug, lindhu, kacilakan tetumpakan lan sadhengah kedadean liyane sing gawe rusaking alam lsp.
Kabeh mau sejatine minangka pangemut lan pangelike Gusti mring pra umat manungsa kang diasihi murih kita bisaa padha tuhu ing pamerdi bali ing dalan kabenerane miturut kadya dhawuh pangandikane Gusti.
Sejatine ing pangemute Gusti kita kaelikake dening Allah awit iku wujud sih katresnan lan sih kadarmane Gusti wus kababar mring kita umat manungsa. Apa kang dikersakake Gusti murih pra umate padha mratobata, awit ana ing Panjenengane ana pangapura.
Lamun kita kaelikake dening Gusti, sayogya kita ngrumangsanana dene iku wujud pamerdi lan sih rahmate Gusti. Gusti Allah nedya akarya kita dadya pribadi kang teguh lan setya-tuhu mring Panjenengane.
Sumangga! 👏
JM, gagat bangun, 17621
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar