AYWA LAKU DORACARA
kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3015218438757273/
Aywa was sumelang ngandharake kasunyatan
aywa nlakup lathya lamun ana pamblithukan
Hyang Ma Wikan ngarsake kajujuran
ing saben krenteg lan pocapan
Aywa kuwatir celathu, nora!
lamun kabujuk nedya nora bares
Aywa ngantya tumindak datan pinuji
kudu tatag nampik klawan sora!
Aywa kuwur ati ngakoni kaluputan
ajwa nedya mbenerke awake dhewe
aywa mbabar ing laku doracara
iku nerak angger-anggere Hyang Ma Wisesa
JM, madya ratri, 23621
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar