DIPADHA TUMINDAKA KABECIKAN KLAWAN TULUSING NALA

   kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=3005540933058357&id=1684548218490975 

Kacarita ibu-ibu banget sugihe ngadeg ing pinggir dalan jalaran montore rusak. Bola bali nyetop tunggangan montor mawa tangane nanging ora ana siji-sijia sing ngendhegi.


Wektu terus lumaku... lan wiwit riwis-riwis grimis. Sangsaya kuwur atine si ibu iku marga langite sangsaya peteng.


Nganti dumadakan ana montor tuwa katon ora kopen mandheg pas ing sisihe sang ibu sugih iku. Ing sopiran katon kanoman pakulitane ireng. Sang ibu iku nyawang kanoman iku uga karo migatekake montore sing wus katon amoh. Ibu sugih iku gojag-gajeg kuwatir arep melu nunggang montor iku apa ora, apa pilih ngenteni ing pinggir dalan sing wiwit peteng?

Ibu iku kuwatir kasugihane kaweruhan dening sopir iku, ananging sidane netepake pilih nunut nunggang montor iku.

Sadalan-dalan, sang ibu iku ing batin dremimil donga muga-muga diparingi slamet. Sabanjure takon jeneng lan gaweane si kanoman sopir taksi iku. 

"Nami kula Joyo lan damelan kula nyopir taksi", wangsulane kanoman klawan sopan.


Ibu iku rada ayem, lan jroning ati rada gela duwe sujana ora becik mring kanoman iku. Saiki lagi nyumurupi yen kanoman iku sejatine duwe unggah-ungguh katon becik-becik bae lan sopan.


Sawetara wektu ora krasa montor wus tekan njero kutha. Jroning ati ibu sugih iku duwe sedya arep menehi luwih wragad taksi sing dijaluk dening si sopir kanoman iku.


Sang ibu sugih iku njaluk mandheg menyang sopir taksi iku.

"Pira wragade sing bisa dak bayar?", takone sang ibu iku.

"Mboten sisah, bu", si sopir mangsuli.

"Lho, kok ora usah ki piye, sliramu rak wus ngeterke aku kanthi slamet..", ujare sang ibu iku.


Joyo si kanoman iku mesem, "Bayaripun cekap ibu janji nglampahi kasaenan teng sinten mawon ingkang ibu panggihi!.."


Joyo, enggal nglakokake taksine ninggal si ibu sing ndlongop nganti ora bisa ngomong apa-apa.


Sajroning kamisolsolen ing batine, sang ibu sugih iku banjur mlaku tumuju kafe lan marang pramusaji wedok pesen secangkir kopi anget. Ora let suwe, pramusaji teka nyajekake kopi pesenan si ibu iku. Sang ibu iku nyawang pramusaji iku katon praenane lungkrah, wetenge gedhe sajake lagi ngandheg.


"Sliramu katon lungkrah banget, kenapa mbak?", pitakone ibu iku.

Si pramusaji mesem, "Wekdal babaran sampun celak bu", karo ngelus wetenge atur wangsulan.

"Kenapa ora njaluk idi prei kanggo cecawis olehe arep babaran?".

 "Kula kedah nyelengi yatra kangge wragad babaran mangke",wangsulane si pramusaji. Si ibu iku manthuk-manthuk.


Kopi sacangkir iku wus entek disruput nuli bayar kopine, si pramusaji nggawa dhuwit iku menyang kasir karo njupuk susuke merga dhuwite gedhe kira-kira sarega 10 cangkir kopi.


Nanging iba kagete kursine wus kosong, si pramusaji clingukan nggoleki ibu mau ora ketemu. Ing mejane nemu sasuwek kertas ana tulisane 'susuke kopi peken ya'. Iba senenge si pramusaji iku, dheweke malik kertas iku ana tulisan 'Ing ngisor meja iki aku uga menehi tandha-asih kanggo bayimu, tampanana ya mbak...'


Meh bae arep njerit, marga ing ngisor meja iku ana lempitan kertas isine dhuwit kira-kira gunggunge padha karo gajine 6 sasi!. 


Nrocos eluhe ora bisa kabendung. Dheweke gita-gita mungkur lan njaluk idi prei nyambut gawene. Lan klawan rerikatan mulih, bojone kudu enggal nyumurupi kabar kabungahan iki jalaran bojone wus pirang-pirang dina judheg mikirake wragad kanggo laire sang jabang bayi.


Si pramusaji iku tekan ngomah terus bae nrobos lawang omahe karo bengok-bengok ngundang bojone, lan gawe kagete mulih ora kaya adat sabene. "Apa wus wancine nglairke?" batin atine bojone. (jebul bojone ora liya Joyo si sopir taksi).

Klawan ngrangkul bojone, suwarane keprungu bungah, "puji sokur Joyo, wusanane Gusti Allah maringi dalan lan rejeki kanggo lairane anak kita!"


Joyo si sopir taksi kang mulya atine iku krungu crita bojone mung meneng karo ngaras pipi lan ngelus-elus wetenge bojone kang nggawa tandha-asih kabecikane.


Eliding crita ing ndhuwur :

Aywa nglalekake, sejatine panggawe kabecikan tanpa pamrih iku bakal bali katampa mring kita minangka berkahe Gusti. 

Dipadha tumindaka kabecikan klawan tulusing nala, wewalesing kabecikan uga kang bakal tinampa!


Sumangga!


JM, madya raina, 10621

       dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN