CARA_URIP_PADATAN_ANYAR

   kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=3001328573479593&id=1684548218490975

Aku arep nyritakake mitra tani ing sawijine kampung kang nduweni pakebonan anggur. Pakebonan anggure ana ing ereng-erenging pagunungan kang subur lan asri.

Lemahe dipaculi lan watu-watune kasingkirake, nuli ditanduri wit anggur pilihan; ing tengahe pakebonan banjur diadegi panggungan pajagan mawa bale-bale kanggo ngaso. Dheweke uga yasa kothak wadhah pameresan anggur sarta ngarep-arep supaya pakebonan iku metokake woh anggur kang becik, eee...  jebul metokake woh anggur kang kecut rasane. 


Kepriye jal.. kaya ngapa gelane mitra tani anggur iku, wus direwangi kethekelan rekasa anggone ngrumat tandurane nora kurang njlimet njabuti suket lan nyirami saben esuk nedya tandurane anggur thukul ngrembuyung katon seger. 

Kocapa, saking jengkel lan cuthel pangarepane, mitra tani anggur iku njur mecoki pang-pange lan kapidak-pidak nganti rusak kabeh. Nuli pakebonane di ejarke njembrung nganti kathukulan rerungkudan alang-alang.


Crita kang ngemu pepindhan ing nduwur iku apa kang bisa kita pethik maknane?

Kita manungsa samangsa nora bisa nyelaki bakal nemoni kadadean kaya mitra tani anggur iku, kita nduweni sawijining pangudi wujud apa bae bisa dodolan buka toko, buka warung angkringan, yasa omah kontrakan lsp lsp kang kagadhang-gadhang bisa methik asile ing tembene. Iku kabeh bakal ngliwati maju mundure usaha kang ana bae godhane kaya ta ing wektu iki nembe katrajang pageblug C-19 kabeh upaya ing babagan ekonomi kena serangan abot sanggane, akeh para mitra dagang ngalami sureme upaya nganti tumekane bangkrut ambyar dedagangane. Conto kang lagi rame ing warta-warta (viral) yaiku 'Giant Super Market' nedya nutup ambruk usahane. 

Kanggone bakul2 UMKM uga nora kurang kang dialami. Nanging apa ya banjur nyerah ngono bae nutup tokone? Prayoga terus semangat golek pratikel kepriye carane usahane tetep bisa mlaku. Kaya kang kita sumurupi pangrajin bathik yasa masker bathik digawe sing endah sinawang (modhis) bisa ditawakake mawa sarana jejaring-maya liwat medsos FB, IG lan Youtube. Saiki wus jamak dodolan liwat jejaring-maya, warung-warung pangan nawake dodolan sumadya ngeterake dodolane liwat gofood, grabfood lsp lsp. 


Iku kahanan kang nembe kondhang ing babagan anyar kang kasebut 'new normal' sarwa nganani cara_urip_padatan_anyar gelem ora gelem kudu dilakoni kanthi sabar lan nyenyuwun marang Pangeran Gusti Allah supaya enggal kaparingan pulih maneh kahanane iki.


Sumangga para kadang sutresna PBJ samya sengkud saeka kapti ambangun sedyaning gesang enggal, ngudi daya sengkut pangupaya murih kamajuan kita sabangsa. Anjaga kesehatan ngugemi pamrayogane pandheganing praja, mbangun turut pamrayoga satgas C-19 nyuda ngumpul-ngumpul, jaga jarak, wijik tangan lan nganggo masker, wajib Iman, Aman lan Imun sarta tetep olah raga kanggo ngudi sehate badan kita.


JM, sandyawela, 04621

      dening eNPe



Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN