BRAHALA ING JAMAN SAMENGKO
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=3012532279025889&id=1684548218490975
Tembung brahala lumrahe nduweni teges sacara aksara yaiku reca dewa utawa barang-barang kang dianggep duwe kekuwatan wingit lan dipepuja (didewakake). Iku tegese brahala mujudake allah tetiron kang digawe dening manungsa lan dipepuja dening manungsa iku dhewe.
Reca-reca lan barang-barang wingit iku nora bisa nyedhiani lan ngayomi para pamujane senadyan mawa pangormatan kang ditamakake mring barang-barang mau.
Apa iku dudu sawijining tumindak muspra lan nerak Angger-anggere Gusti Allah ngarep-arepake oleh kabecikan saka allah-allah tetiron kang digawe dening manungsa iku dhewe?
Angger-anggere Gusti kang tinulis ing Pangentasan 20:3-4 :
Sira aja nduweni allah liyane ana ing ngarsaningSun.
Sira aja gawe reca utawa tetironing apa bae kang ana ing langit ndhuwur utawa ing bumi ngisor, apadene kang ana ing banyu sangisoring bumi.
Lamun ing jaman biyen brahala awujud reca, ananging ing jaman samengko brahala bisa dibaratake utawa dimaknai kang luwih jembar awujud werna-werna bab kayata barang-barang elektronik, kabutuhan kedhugdhengan (kadigdayan), panganan, lan barang liyane kanggo ngudi kasenengan kadonyan. Kabeh iku bisa andadekake kita nglalekake werna-werna ya kulawarga, mitra-kadang uga malah nglirwakake marang Gusti Allah. Luwih saka ing amung kasenengan bae, awit bisa-bisa andhikte panetepan, carane mikir lan gegedhen pangarep-arep kita mring barang-barang mau malah bisa ngadohake lan ninggalake pangabekten kita saka Gusti Allah.
Coba digagas ing saben dinane sepira suwene kita nunggil karo Gusti tinimbang karo barang-barang kasenengan iku?
Ya kaya mangkono iku kasunyatan kang sinebut brahala jroning tegese kang luwih jembar ing tulisan iki ora amung winatesan tegese tembung sacara aksara kang arupa reca-reca lan barang-barang kang wingit bae. Ananging luwih saka iku brahala kang luwih jembar tegese iku bisa njlomprongake uripe manungsa.
Mula ayo kita padha bali ngabekti marang Allah-ira, ya Allah Kang Maha Wisesa, Kang Maha Kawasa paring kaslametan lan karahayon tumraping kita awit kamulyane Gusti datan tinandhingan. Elinga kita manungsa umat cipta-riptaning Gusti ya umat kagungane Gusti wus prayoga kita kudu mituhu lan ngabekti marang Panjenengane.
Sumangga! 👏
JM, gagat bangun, 20621
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar