WULANG BEBASAN - 3
kaunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2636336496645471&id=1684548218490975
Wong sing ora ngajeni pranatan kuwi ngawula marang kadurakan, nanging wong mursid nepsu menawa pranatan dirusak
(sing sapa ora maelu pranatan padha dene nyengkuyung tumindak ala kang ndadekake muntabe sing ngugemi pranatan iku)
Lamun sliramu lagi wareg senajan madu pisan koktampik; nanging nalika kowe ngelih, senajan pangan sing pait pisan rasane legi.
(ing kahanan kang wus sarwa mapan ora prayoga ngremehake sapepadha, kosok baline rikala ana ing kahanan kang kepepet pitulungan kang nadyan sethithika banget migunani)
Lenga lan ganda arum iku mbingarake ati, nanging kasusahan iku njuwing-njuwing nyawa.
(laku utama kang punuji gawe tentrem, suwalike tumindak duraka gawe geteme wong akeh)
JM, madya ratri, 22320
dening eNPe

Komentar
Posting Komentar