TUHU PRIHATIN
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2634299190182535&id=1684548218490975
He, para sadulurku, anggepen sawijining kamulyan, samangsa kowe padha kataman ing panyoba mawarna-warna, ya pageblug dikaya kang lagi gawe horege manungsa saindenging bawana.
Pasrah sumaraha mring Gusti Pangeran Kang Akarya Jagad, nyenyuwuna kanthi tulusing driya muga enggal kaentasna saka ing memala kang nora kasat mata nanging iku nyata.
Muga kabeh budidaya saeka praya para kadang kang jejibahan amerangi, kasinungan kekuwatan saha rahayu kalis sing bebaya murih bisaa ambesmi memala kang nggegirisi.
Ayo kita gegadhengan tangan sayuk-sayuk rukun budidaya kanggo karahayon samya.
Aja padha 'tebar pesona' golek pangalembana, ngala-ala lan nacad pandhegane praja saha pamong kesehatan kang wus suka-rila ngurbanake jiwa lan raga.
Luwih becik kita sengkuyung bebarengan asung panyemangat mring para abdining kesehatan ya dhokter, perawat nganti tukang reresik murih bisaa kuwat lan tetep sehat ngopeni para kadang kang wus ketaman memala kalis ing sambekala.
Sumangga para kadang kita dongaaken sesarengan kanthi panyuwun mugi kasedyan kang luhur punika kaijabahi dening Gusti Kang Maha Agung.... Aminn 🙏🙏
JM, sirep bocah, 19420
denibg eNPe

Komentar
Posting Komentar