LAGU-LAGU DOLANAN BOCAH

 kaemot uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2617878411824613&id=1684548218490975

*LIR ILIR*

Lir ilir, lir ilir, tandure wus sumilir
tak ijo royo-royo tak sêngguh têmantèn anyar
Cah angon, cah angon, pènèknå blimbing kuwi
Lunyu lunyu pènèknå kanggo mbasuh dodotirå
dodotirå, dodotirå, kumitir bêdhah ing pinggir
Dondomånå jlumatånå kanggo sebå mêngko sore
mumpung padhang rêmbulane,
mumpung jêmbar kalangane.
yå surakåå surak hiyo

*CUBLAK CUBLAK SUWÊNG*

Cublak cublak suwêng
Suwênge ting gêlèntèr
Mambu kêtundhung gudèl
Pak êmpong lera-lere
Såpå ngguyu ndêlikake
Sir sir pong dhêle gosong
Sir sir pong dhêle gosong

*PITIK TUKUNG*

Aku duwe pitik, pitik tukung
sabên dinå, tak pakani jagung
pêtok gogok pêtok pêtok ngêndhog siji
tak têtêske, kabèh trondhol dhol dhol
tanpå wulu, megal-megol gol gol gawe guyu

*JARANAN*

jaranan-jaranan jarane jaran tèji
sing numpak ndårå bèi
sing ngiring pårå mantri
jèg jèg nong..jèg jèg gung
prok prok turut lurung
gêdêbug krincing gêdêbug krincing
prok prok gêdêbug jêdhèrr

*KIDANG TALUN*

Kidang talun
mangan kacang, talun
mil kêthêmil, mil kêthêmil
si kidang mangan lêmbayung

Gajah bêlang
duwe anak, bêlang
nuk rênggunuk, nuk rênggunuk
si gajah-e manthuk-manthuk

*TE KATE DIPANAH*

Te kate dipanah
dipanah ngisor gêlagah
ånå manuk kondhe-ondhe
mbok sribombrok, mbok si kate
mbok sribombrok, mbok si kate
mbok sribombrok, mbok si kate

*GUNDHUL-GUNDHUL PACUL*

Gundhul gundhul pacul cul, gêmbèlèngan
nyunggi nyunggi wakul kul, gêmbèlèngan
wakul ngglimpang, sêgane dadi sak ratan
wakul ngglimpang, sêgane dadi sak ratan

*PADHANG mBULAN*

Yo pråkåncå dolanan ing njåbå
Padhang mbulan padhange kåyå rinå
Rêmbulane kang ngawe-awe
Ngelikake åjå turu sore-sore

*SLUKU-SLUKU BATHOK*

sluku-sluku bathok
bathoke ela-elo
si råmå mênyang solo
lèh olèhe payung mutho

mak jênthit lho-lho lobah
wong mati ora obah
yèn obah mêdèni bocah
yèn urip golèkå dhuwittt

*SUWE ORA JAMU*

Suwe ora jamu
jamu godhong telå
suwe ora kêtêmu
têmu pisan gawe gêlå

*MENTHOG - MENTHOG*

Menthog, menthog, tak kandhani
mung rupamu, angisin-isini
mbok yå åjå ngetok, ånå kandhang wae
enak-enak ngorok, ora nyambut gawe
menthog, menthog …
mung lakumu megal megol gawe guyu

*KUPU KUWI*

Kupu kuwi dak incupe
Mung aburmu ngewuhake
Ngalor ngidul ngetan bali ngulon
Mrånå-mrene mung saparan-paran
Såpå biså ngincupake
Mêntas menclok jêgrêg
Nuli mabur blêbêr

*JAMURAN*

Jamuran yå ge ge thok
Jamur åpå yå ge ge thok
Jamur gajih mbêjijih sa årå-årå
Sirå mbadhe jamur åpå

*GAMBANG SULING*

Gambang suling, kumandhang swarane
thulat thulit, kêpenak unine
uuuunine mung
nrênyuhake barêng lan kêntrung
kêtipung suling,
sigrak kêndhangane

*GAJAH - GAJAH*

Gajah - gajah, mrene tak kandhani jah
mripat kåyå laron, siung loro, kuping gêdhe
kathik nganggo tlale
buntut cilik, tansah kopat-kapit
sikil kåyå bumbung
mung mlakumu megal megol

*SLÈDUR-SLÈDUR*

Slèdur-slèdur, pak mantri dhahar bubur kêpanasên mumbul-mumbul..(3X)

*ONTONG2 BOLONG*

Ontong-ontong bolong
adu mêrak adu sapi,
mêcah-å ndhog-e siji

Ontong-ontong bolong
adu mêrak adu wêdhus
mêcah-å ndhog-e satus

Yêg uyêg ranti, ånå bèbèk pinggir kali
sêrontang-sêranting mbok nyai nyolong gunting
guntinge mbok cêmara, thithit thuwit kêmbang åpå?

*GOTRI NÅGÅSARI*

gotri lêgêndri någåsari, ri
riwul iwal-iwul jênang katul, tul
tulèn olèn-olèn dadi mantèn, tèn
tènånå besuk gedhe dadi åpå, påå

podhêng mbako enak mbako sêdhêng, dhêng
dhêngklok engklak-engklok kåyå kodhok dhok
dhoktêr numpak montor mutêr-mutêr, têr

JM, purwaning wulan, 01320
Linumpukake dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN