WULANG BEBASAN

  kaunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2634955550116899&id=1684548218490975        

Kuping kanggo ngrungu lan mripat kanggo ndeleng, iku karo-karone karipta dening Gusti Kang Murba-wisesa.
   (eling, samubarang kang kita darbeki iku pinangkane hamung saka peparinge Gusti)

Sanadyan emas lan mutiara barang kang aji, nanging kang akeh banget pangajine iku lathi kang kadunungan kawruh & kawicaksanan.
    (wong kang sugih brewu iku pancen bisa sarwa katurutan, nanging luwih piguna wong kang duweni pribadi kanthi laku utama ya laku kabecikan mring sapepadha)

Jangkahe wong iku katemtokake dening Gusti Kang Maha Agung, nanging kapriye manungsa anggone ngreti marang dalaning uripe?
    (uripe manungsa dalane wus kacawisake dening Gusti, mula manungsa ora bisa nyumurupi sadurunge, ya mung saderma nglakoni lan nanjakake miturut pepakone Gusti)

JM, lingsir raina, 20320
        dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN