CORONA ohh CORONA

   kaemot uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2623933154552472&id=1684548218490975

Tan kinira saindenging jagad raya
para jalma padha ngadhep prahara
wus sapirang-pirang nagara
mbudidaya saiyeg ambasminya
gawe girising wong sadonya.

Nora bisa dipaido datan denselaki
anggawa memala kang nggegirisi
gawe horeg jagad maya puniki
sumebar warta mawarni-warni
sanyata akeh kang wus ketaman sapriki

Jumedhul praptanya datan rupa
kadya mili samangsa-mangsa
ananing iki nyata anemahi raga
uga tan luput tumekane jiwa
sangsaya nenular ngrembaka

Apa ta kang nedya dibesmi
arane kadya tetumpakan sami
'Corona' iku kang kondhang kaarani
pendhak dina datan kandheg ing tipi-tipi
dhuh... nambah nggegirisi

Sumangga samya ndedonga
nyuwun sih kadarmaning Sang Hyang Wisesa
murih enggal paripurna oncat saking prahara
pulih lejara kasinungan samya raharja
tinebihna saking sawernaning sambekala

JM, bangun esuk, 08220
     rinakit dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN