PANGUPAYA JIWA RAGA

   kaemot uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2637699949842459&id=1684548218490975      

Srengenge mlethèk, angslup, banjur enggal-enggal marani panggonane mlethèk menèh.
Angin midid saka Kidul, nuli minger midid saka Lor, tansah mingar-minger, bola-bali.
Kali kabèh padha anjog ing segara, ewadene segara ora dadi kebak; menyang ngendi parane ilining kali, ya mrono selawase.
Kabèh sing biyèn wis ana bakal ana menèh, lan apa sing biyèn wis kelakon bakal kelakon menèh. Ora ana barang anyar ing bumi kene.
Ora ana wong sing kèlingan lelakon-lelakon dhèk jaman kuna, lan iya ora ana wong sing bakal ngerti apa sing bakal kelakon ing antarane dina iki lan sesuk.

Para kadang kinasih,
Lire kang bisa kita pethik, samubarang kadadean kang kita adhepi ing wektu-wektu iki sejatine ora bisa kita selaki. Wus dadi rancangane Sang Pangripta Jagad Raya ya Gusti Allah kita. Manungsa ora ana kang bisa nyumurupi apa kang bakal kelakon ing antarane dina iki lan sesuk.

Mula saka iku kita prayoga padha sumuyud ing pangayunane Gusti nyuwun pangayoman lan pangrimate anggon kita nglakoni darmaning urip iki mugya kasinungan rahayu kasingkirna saka sawernane memala sakabehe reribet nir baya nir sambekala.

Kita siji lan sijine lumaku miturut apa kang dadi jejibahan kita dhewe-dhewe guyub anyengkuyung mring sapepadha kang lagi jejibahan lelabuhan kamanungsan ngreksa lan  ngusadani kang lagi ketaman sakit.
Swasana pageblug kadya kang kita adhepi iki, pracayaa dene bakal bisa kaentasake awit amung saka pitulungane Gusti piyambak.

Budidaya para padhega lan pamonge praja tumekane para abdine, kita pujekake mugya kasinungan kakuwatan tetep bagas saras bisaa ngayahi apa kang dadi ayahane tumuju kahanan kang sarwa becik satuhu karo kersane Gusti Allah.

Ayo kita aja padha nglirwalkake garis kang wus katetepake kanggo ngupaya ngentasake saka ing memala iki. Aja nyepelekake awit bisa njalari bilahi kang nggegirisi.
Ayo sayuk-sayuk rukun bebarengan ro kancane njaga dhiri pribadi ngestokake dhawuhe pamarentah sak pamonge murih bisa oncat saka bebendu Korona iki.

Sumangga, Indonesia Sehat! Gusti amberkahi! 🙏

JM, 23maret20
      eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN