"INSPIRASI ATI"
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2618749095070878&id=1684548218490975
Ing sapinggiring dalan ana bapak-bapak dodolan cêmilan, aku tuku 3 wungkus kripik.
"Pintên pak?, pitakonku
Karo dhingkluk tumungkul si bapak iku mangsuli : "Ibu mundhut napa kemawon?"
"kripik tiga, Pak." wangsulanku karo nyêngkurêngke alis, "kok bapak iki kênapa isih takon ya?", batin atiku.
"28 èwu, ibu", saute si bapak iku.
Njur dakthungke dhuwit salêmbar 100 èwon.
"Pintên yatrane ibu?", isih panggah tumungkul, pitakone.
Aku wiwit bingung krungu pitakone manèh, tumuli dak wangsuli, "100 èwunan pak!"
Si bapak iku banjur ngadêg ngrogoh-rogoh sake kathoke karo ngêtokake saperangan dhuwite.
Astaga.... jêbulane si bapak iku ana kêkurangan karo mripate malah sajake ora bisa ndêlêng.
Dhuh Gusti..., kenging punapa kawula botên sagêd titis nyumurupi lan anjagi manahipun .
Nyuwun agunging pangaksama awitdene kawula dèrèng sagêd nggadhahi panduga ingkang sae dhatêng tiyang sanès.
Si bapak iku katon rèbyèk ngawul-awul dhuwit sing wus diwêtokake saka sake kathoke., mèh kabèh diwêtokake ing tangane.
Enggal si bapak iku ngomong, "Pêndhêt piyambak bu susukipun!"
Kayadene dielingke, aku sêtêngah kagèt krungu panjaluke si bapak iku.
Banjur tanpa mikir dawa aku pitakon, "Pak, mênawi kula nyukani yatra 10 èwon lan kula mêndhêt piyambak susuke èkêtan ewu bapak rak nggih botên ngêrtos, bapak sagêd rugi ta?"
Eee.. mênèh mênèh wangsulane kang lugu kaucap saka lambene, "Gusti Allah botên badhe lêpat paring rêjêki... ibu, menawi kula badhea rugi, kula pitados, bilih Gusti Allah sanyata badhe nyawisakên rêjêki sanès kangge kula. Gêsang botên namung bathi lan rugi kemawon, nanging kang utami gêsang sinau bab sabar lan eklas."
Ohh, aku iki pancèn gampang trênyuh lamun kêtêmu wong widura kaya si bapak iki. Rasane ora bisa mbêndung êluh brêbês mili saka mripat. Dhuh Gusti.... gêmêtêr nala iki kêprungu wangsulane.
Si bapak iku takon mênèh, 'Ibu mênapa sampun mêndhêt susukipun?", aku kagèt rada bingung, sawêtara ora bisa mangsuli.
Ning ya sidane, aku awèh wangsulan, "Botên usah pak! Dintên niki Gusti Allah kintun rêjêki kangge bapak, pun dibêta mawon!"
Si bapak karo mèsêm awèh wangsulan uga, "ohh, matur nuwun bu!"
Sanalika aku kadya dielingake...
Dhuh Gusti nyadhong sagunging pangaksama.. tumrap raosing manah mangu-mangu saha tansah anggadahi raos was sumêlang mring rumêntahing rêjêki pêparing Paduka.
Ing kawontênan sisahipun pados arta... si Bapak bakul cemilan punika sênadyan anggadhahi botên sampurna paningalipun têtêp ngugêmi lan tuhu pitados dene Gusti tansah ngiring lan njangkung gêsangipun.
...
Dina iki aku olèh tuladha saka wong kang widura kêbak kawicaksanan saka sang bakul cêmilan dene "Urip iki ora amung bab Bathi lan Rugi bae."
Muga-muga Gusti Allah tansah bukak dalane rêjêki maring para abdine kang satuhu pracaya mring Gusti Allah.
Amiinn..!😇
JM, esuk kekes, 02320
dening eNPe
sumber kajarwaake saka ing :
https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=645779216213499&id=100023442783268 (mtr nwn mbk Irka)

Komentar
Posting Komentar