TULUSING ATI
kaunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2639527592993028&id=1684548218490975
Ing sawernaning kahanan panguripan ing ngendi bae, kajujuran lan tulusing ati banget kabutuhake.
Samangsa kita ngayahi tugas kuwajiban kang dadi jejibahane, kita kudu tumandang adhedhasar kajujuran lan tulusing ati. Lamun ora, bisa andadekake kapitunane wong liya wekasane uga bakal gawe kapitunan mring kita dhewe.
Sawijining bab kang wus pesthi yen kita nduweni kajujuran lan ati tulus, pracayaa Gusti bakal paring panuntun dalan kang bener temah tumuju karaharjan awit kita pinayungan dening Gusti piyambak.
Mbokmenawa wong liya ana sing nedya nanjakake kajujuran lan tulusing ati kita krana njlomprongake kanggo kapentingane, nanging Gusti sinung pangayoman mring kita temahan bisa den-simpangi.
Sugeng enjing. Gusti amberkahi 🙏
JM, pletheking bagaskara, 25320
dening eNPe

Komentar
Posting Komentar