WULANG BEBASAN - 2
kaunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2635609420051512&id=1684548218490975
Wong sing tanpa budi ora preduli marang pangreten, senenge pamer, ngaku paling pinter dhewe.
(sejatine wong kang wewateg ala iku ora duweni pangreten anane sok kuminter lan umukan)
Tembunging cangkeme wong iku kadya samodra kang jero, nanging sumber kawicaksanan iku kadya iline banyu kali kang seger.
(eling, tembung sakecap kang gawe serik bakal nandhes, kosok baline wong kang sarwa sareh tetembungane diklangeni wong akeh)
Kencenging ati nedya urip, njalari wong tahan nandhang lara, nanging wong sing kelangan semangate, sapa sing arep mulihake?
(tekading ati njalari kuwat nandhang sangsara, ewasamono semplahing ati ora ana kang bisa mulihake kejaba saka awake dhewe)
JM, bangun esuk, 21320
dening eNPe

Komentar
Posting Komentar