TULADHA TUMINDAK LAKU UTAMA
kapacak uga ing : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2586196681659453&id=1684548218490975
Sawijining tunggangan umum (angkot) supire racake ugal-ugalan apa maneh bocah nom-noman. Nanging nora kaya mangkono supir tunggangan umum sing kacarita iki klebu supir kang sopan nora kaya supir-supir tunggangan umum liyane, nglakokake montore miturut wewatone pulisi nora selap-selipan.
Ing sapinggire dalan ana ibu-ibu nggendhong bayi karo anak loro isih cilik-cilik. Katon para supir tunggangan umum sing padha rebutan nginggirake montore amung mandheg sedhela si ibu lan anak-anake nora sida numpak.
Tumekane supir tunggangan umum kang disupire nom-noman iku uga nginggirake montore nyedhaki si ibu karo anak-anake mau.
" Mas, ngliwati stasiun ya?" pitakone ibu iku. "Nggih Bu, mangga mang numpak!" wangsulan si supir nom iku.
Si ibu lan anak-anake nora enggal nunggang.
"Nanging mas..., aku ora duwe dhuwit." semaure si ibu rada gemeter.
" Boten napa-napa Bu, minggah mawon! " semaur si supir karo manthuk lan mesem.
Si ibu katon mangu-mangu, si supir nom iku ngambali ajakanne, " Mangga bu mang minggah mawon, boten napa-napa! ", wusanane si ibu lan anak-anake munggah.
Si supir nom iku bacutake laku nganti tumekane ing stasiun sing dituju ibu mau.
Banjur kanthi sopan si supir iku manggakake si ibu lan anak-anake mudhun nuli lelahanan (tanpa bayar).
Si supir bacutake laku lan tumekaning ngenggon ana bapak-bapak sepuh sing uga lagi numpak tunggangan umum iku njaluk mudhun njur ngelungake dhuwit eketan ewu (50 ewu).
Nalika si supir nedya nyusuki, si bapak iku celathu, " Wis nora usah nak. Dhuwit iku sisan kanggo bayar si ibu mau lan aku. Bacutna anggonmu gawe kabecikan ya!", si bapak enggal mlaku lunga.
Iba dahat akeh tuladha kang bisa kapethik kadya kadadean ing crita dhuwur.
"Ana ibu kang jujur, si supir nom kang becik atine tumindak mulya, lan si bapak sepuh luhur bebudene."
LAKU UTAMA kanthi :
TUMINDAK KABECIKAN SIJI BAE, MALAH AMUNG SETHITHIK BAE, DATAN BAKAL ANDADEKAKE MUSPRA. KABEH PIGUNA TUMRAP KABECIKANE MRING LIYAN.
Sumangga para sutresna PBJ...
Gusti amberkahi!.....
JM, parak esuk 26120
dening eNPe

Komentar
Posting Komentar