CECAOSAN SOKUR

 kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2574681976144257&id=1684548218490975

Kula ananem wiji taberi ngrimati..
nging tuwuh miwah suburnya Allah kang mberkahi..
Pangeran paring jawah lan sunaring surya puniki..
endah saliring wohira nggih nugrahaning Gusti.

Kasarasan, karosan berkahing Gusti...
kawasisan, kawicaksanan numrahken aruming nami..
ywa nganti anjalari gumunggunging ati..
ing sagunging kahanan ngluhurken asmaning Gusti.

Sumangga caos puji sokur kanthi trusing manah..
sadhengah barang darbe kita konjuk mring Allah.

JM, parak esuk, 14120
       dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN