*TUTUGNA ANGGONMU PASEDULURAN *
kaunggah uga ing : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2579656418980146&id=1684548218490975
(pituture simbah)
đȘ *Lamun pinuju longgar, tanjakna wektumu kumpul bebarengan karo para mitra-kadang lawas.*
*Makumpul, nora hamung mangan-mangan, ngombe lan gegojekan sarta seneng-seneng bae, nanging padha dieling, dene wektu urip kita sangsaya cedhak.*
*Mulane iku, prayoga rumaketana anggonmu padha paseduluran*
đȘ *Mbokmenawa ing tembene kita nora duwe wektu maneh bisa ketemu*
đȘ *Bisa uga ing tembe wektu kita sangsaya susah anggon kita lumaku.*
đȘ *Nanjakake saperangan wektu karo para mitra-kadang lan sobat bakal bisa njalari urip luwih sehat sacara jiwa lan salira.*
đȘ *Umur iku kadidene es batu.*
*Dipigunakake utawa ora tetep bae dadi encer lan ilang dadi banyu.*
đȘ *Mangkono uga umur kita.*
*Ditanjakake utawa ora, umur kita tetep bae ana watese, lan kapesthekake bakal kapundhut dening Gusti Kang Murbeng Wisesa.*
đȘ *Tansaha mesem kanthi ati kang kebak pamuji sokur.*
*Banyu mili nora bakal mbalik. Kita nora bakal bisa bali enom maneh.*
đȘ *Kita bakal ngunduri tuwa, nandang lelara, lan tilar donya.. Lakonana urip iki kanthi sukarena sabar lan nora ngaya.*
đȘ *Aja pisan-pisan mburu menange dhewe, lan nganggep wong liya sing luput.*
đȘ *Ulungna kanthi tulus paseduluran krana rasa guyub rukun.*
*Aja gampang ngersula apa maneh gawe sengit mring liyan.*
đȘ *Urip iki cekak wektune kanggo mbenerake dhewe (mburu pentinge dhewe)*
đȘ *Aja buwang kadang akrab mung marga nora sarujuk.*
đȘ *Siji bae kakurangane mitra-kadang, nora ateges ngilangake sangang kabecikane.*
đȘ *Sisihna wektu kang akeh kanggo makumpul bebarengan karo mitra lan kadang kita.*
đȘ *Sapa ngerti kabeh mau bisa minangkani pitulungan mring kita ing aherat. Buwangen sipat menange dhewe lan irenan ati*
đȘ *Tampanen kanthi eklas kakurangan lan kaluwihane mitra-kadang kita (aja sok nyepelekake).*
đȘ * Kekancana kanthi apa anane, nora kok marga ana apane.*
đȘ *Rasakna lan resepana ananing wektu, gegojekan guyon sukarena. Ajenana sadhengah pasulayan. Pracayakna mring mitra lan kadang kita, aja nyepelekake.*
đȘ *Aja gawe wirang mring wong liya, jaga perasaanne.*
*Ulungna tanganmu nalika dheweke tiba, cawisna baumu nalika dheweke nangis.*
đȘ *Keplok tangan kanthi gumbira nalika dheweke sukses. Sinebutna jenenge sajroning dedonga*
đȘ *Kekancana kanthi tulusing ati, krana mangkono pracayaa Gusti Allah uga tansah anjangkung kita, nganti Panjenengane ngendika 'wancine wus prapti!'*
JM, lingsir wengi, 19120
rinakit dening eNPe

Komentar
Posting Komentar