TUKANG BANGUNAN

  kaunggah ing
   https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2566081547004300&id=1684548218490975

Ing sawijine gedhong tingkat 5 ana mandhor bengok-bengok ngundang tukang kang lagi nggarap gaweane ing ngisor.
Sawuse sang mandhor bolak-balik mbengoki, si tukang tetep nora krungu amarga nggregut mring gaweane uga gumrebeg swara mesin-mesin bangunan.

Sang mandhor terus ngupaya kepriye supaya tukange gelem ndhangak mendhuwur, njur diuncalake dhuwit ewonan (Rp 1.000) ceblok pener ing cedhake si tukang.
Si tukang enggal njupuk dhuwit ewonan mau lan mbacutake gaweane.

Wusanane sang mandhor nibakake dhuwit atusan ewu (rp100.000) nedya supaya si tukang gelem ndhangak mendhuwur ora ketang mung sedhela.
Kocapa si tukang amung mlumpat saking senenge amarga nemu Rp 100.000 njur mbaleni mempeng nyengkut anggone nyambut gawe datanpa noleh mendhuwur.

Saking gemese sang mandhor nguncalake krikil ngenani pener ing sirahe si tukang.
Ngrasakake sirahe kelaran, sidane si tukang ndhangak meruhi mandhore sing nibakake dhuwit mau lan bisa mengerteni apa sing dikarepake dening mandhore...

Eliding crita ing ndhuwur mituduhake dene ing sajroning urip kita, Gusti Allah datan kendhat ngelingake mring kita para titahe ananging kita nora anggape, malah kita umek ngurusi sakarepe dhewe nganti keblinger.
Kita pinaringan rejeki sethithik utawa akeh, asring kita nglalekake   caos puji sokur konjuk mring Gusti Kang Akarya sakabehane, kepara nggrangsang uripe nora nate marem.

Malah asring kita nora gelem ngerti rejeki iku saka ngendi pinangkane.
Malah nganti uga kewetu yen rejeki iku lagi 'HOKI!'..., kang luwih nyedhihake lan mrihatinake kita dadi gumunggung duwe kasugihan, rejeki kagungane Gusti.

Mula aja nganti kita ketaman 'watu cilik utawa krikil' kang sinebut musibah..!  nembe kita noleh konjuk marang Panjenengane Gusti kita.

Iba gedhe tresna-asihe Gusti mring kita titahe, sumangga kita tansaha noleh katur konjuk mring Gusti sadurunge Panjenengane nibake krikil !

Sumangga para sedherek sami miwiti ing warsa enggal punika ngayahi kanthi kebak raos sokur ing sadaya samukawis, mugi rahayu wilujeng kang sarwa pinanggih awit berkahing Gusti.... Amienn ...

JM, wanci grimis, 060120
         dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN