MESEM KEBAK PANGUCAP SOKUR

  kapacak uga ing :
  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2583519055260549&id=1684548218490975

Saben pendhak byar kang kita liwati kadhang kebak lelakon kang mbosenake lan nguciwani, arupa kurang trep kepara luput kang wus kita tetepake uga bola-bali nora kasil apa kang kita tindakake.
Rasa gela lan sarwa rumangsa salah nora bisa diselaki nganti gawe nglokro semangate.

Wong-wong teka lunga jroning urip kita njalari ngrantes ati ing sawernane wewayangan endah nambah jeroning kasedhihan.

Coba kita pigatekake klawan titi lan titis, kita bakal eling lan nyumurupi iba banget duweni rasa sokur.. njur mosik ing nala wiwit mesem kebak rasa sokur dene isih kasinungan umur lan sehat bagas waras.

Saben esuk nyawang langit nemokake pesen endah dene darmaning Gusti tansah cumepak kacawisake tumrap kita minangka titahe kang diasihi...
Sinawang iba eloke nabastala ing esuk iki biru lamat-lamat, mega putih kesaput sumilire samirana...
Katon corekan astane Pangeran Sang Ma' Karya kang ngripta gambaran elok, kang maune kita nganggep lumrah-lumrah bae, saiki kita bisa ngrasakake kaelokan lan kaagungan kabeh riptane Gusti.

Akeh wong-wong kang nora duwe pangrasa kaya mangkono iku ya marga alam pikire kebak pepeteng, tansah ngersula ngoyak kaperluan kadonyan bae nganti nglirwakake darmaning urip.

Coba elinga sedhela, ing sangisore nabastala salumahe bantala, sliramu lan wong liyane duweni lelakoning urip dhewe-dhewe kang beda-beda.
Sliramu nora dhewekan minangka manungsa titahe Gusti ngalami kasusahan lan kamomotan urip. Kabeh padha dene sengkut ngupaya bisa kaentasake saka ing karubedan.
Aja nganti kasusahan ngubur semangat kita kanggo tangi saka ngimpi.

Ayo sepisan maneh pandengen birune langit iku, mesem lan unjal ambegan. Mosika ing jroning nala, "Dene dina iki aku nedya wiwit ngayahi darmaning urip kanthi esem kebak rasa sokur anggayuh berkahing Gusti."

Rikala kita nemoni lan krasa bosen, cobanen nyerot lan ngresepake hawa esuk-esuk kang seger. Saiba mayar banget kita nesep hawa seger kang tansah cumepak awit saka peparinge Gusti Kang Akarya Jagad.
Ya krana mangkono kita bisa nglalekake bab-bab kang dadi momotaning urip ing sabanjure bisa luwih entheng kebak rasa puji sokur.

Coba kita toleh, akeh para kadang kita sing gumlethak lemes ing peturon, malah kanggo nesep hawa bae kudu dibantu mawa botol 'oksigen' sing ragade larang.
Apa durung kabukak nalar kita dene kanugrahan kang kita tampa isih bisa kita nikmati nganti saiki?
Rak ya cukup kita bisa ngrasakake dene berkah rahmate Gusti kang katon nora sepiraa iku nanging banget kabutuhake!

Ayo mesem lan memujia sokur awit isih kepareng nesep hawa seger ing esuk iki. Lalekna sedhela samubarang momotanmu, lan nisihke wektu kanggo ngresepake saben unjal ambegan, wondene iku kabeh mau dudu alesan kanggo nglirwakake iba anyokuri hawa seger kang kita sesep ing esuk iki.

Samangsa sang bagaskara isih jumedhul ing brang wetan, saka ing jeroning driya kita bisa nyumurupi dene sapeteng-petenge mangsa kang kita liwati ing wektu iki, elinga dene dina esuke isih tetep ana kang luwih padhang lan becik.

Kabeh gumantung ing tanganmu dhewe, apa kita tetep panggah mbegegeg, apa ngobahake sikil kanggo jangkah anggayuh apa kang bisa sinedya?

Sumangga! Gusti amberkahi! ... Amin!

JM, esuk kekes, 23120
       dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN