PENGAJI KANG BENER ING SATENGAHING WONG KANG BENER
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2573909792888142&id=1684548218490975
Ana santri sing nembe ngresiki aquariume Kyaine, karo gumun banget dheweke ngematake lan nggatekake iwak Arwana abang.
Ora ngira dene pak Kyai wus ana cedhak mburine..: "Apa sliramu ngerti pira regane iwak iku?", pak Kyai ndangu.
"Mboten mangertos!". wangsulane si Santri..
"Coba tawakna nyang tangga-tangga kene!!", dhawuhe pak Kyai.
Si Santri motret iwak iku lan nawakake menyang tanggane.., banjur mulih lan enggal ngadhep pak Kyai.
"Dianyang pira le?" dangune pak Kyai. .
"50.000 Rupiah Kyai", wangsulane si Santri mantep..
"Coba tawakna nyang toko iwak hias!!", dhawuhe pak Kyai maneh..
"Inggih ngestokaken Kyai", wangsulane si santri.
Banjur dheweke budhal menyang toko iwak hias
Sabanjure..., : "Di anyang pira le dening toko iwak hias?", pak Kyai ndangu maneh.
"800.000 Rupiah pak Kyai!". wangsulane si santri kanthi bungah banget, dheweke ngira yen pak Kyai bakal ngeculake ngedol iwak iku..
"Saiki coba tawakna menyang si Jarwo, gawanen iki minangka bukti dene iwak iki tau melu lomba", dhawuhe pak Kyai.
"Sendhika Kyai!", wangsulane si santri.
Banjur dheweke budhal nemoni si Jarwo kaya sing dingendikake Kyai gurune.
Sawuse rampung si santri mulih ngadhep pak Kyai sang guru.
"Pira si Jarwo ngenyang iwak iku?", dangune sang guru.
"50 yuta rupiah Kyai!", si santri atur wangsulan karo semu kaget.., nyumurupi regane iwak arwana bisa beda-beda ya... ngono batin atine...
"Le.., bapak lagi paring piwulang mring awakmu, sumurupana dene awakmu bakal diajeni kanthi pengaji kang bener nalika awakmu ana ing satengahing wong-wong bener yaiku panggonan sing trep.."
Mula saka iku, aja nganti kowe manggon ing panggonan sing kleru njur nesu-nesu marga ora ana sing ngajeni kowe... sumurupana wong sing mangerteni awakmu ya kuwi kang bakal tansah aweh pengaji mring awakmu.
Elinga, kita kabeh iki mung wong lumrah bae miturut panyawange wong-wong kang ora kenal mring kita.
Dene kita kaanggep wong kang piguna ana ing tengahing wong-wong kang mangerteni lan kenal sarta ngasihi kita.
Kosok baline kita mujudake pribadi kang njengkelake tumraping wong-wong kang nyengiti mring kita.
Ya kadya mangkono iku, saben wong duweni panyawang kang beda-beda, mulane ora usah budidaya kareben katon apik ing ngarepe wong liya.
Kang utama, ya krana saka keparenge Gusti piyambak, ora ana gunane mburu lan ngoyak pangalembanane manungsa.
Dene awit saka keparenge Gusti apa kang sinedya bisa winujud, mula tinggalen goleki pangalembanane manungsa.
Sumangga pra kadang sutresna pbj....
JM, madya raina, 13120
dening eNPe

Komentar
Posting Komentar