KARAHARJANING TUMITAH

Saiba dènya bingahkên yèn ing sajagad wrata...
Kaadilan kang sanyata sayêkti binabarna.

Srana sih katrêsnan tulus jagad kadya Pirdaus...
Sagung tumitah raharja rinoban Sih RahmatNya.

Saiba dhahat endahnya pra titah tetunggilan...
Datan wontên cêcongkrahan rumakêt trusing driya.

Rukun agawe santosa...crah agawe bubrah!...
Ayo sayuk-sayuk rukun bêbarêngan ro kancane...
Ambangun praja anggayuh kraharjan masarakat nuswantara.

Rinakit ©eNPe

Kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=1696980390581091&id=1684548218490975

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN