MERBABU ING SANDYAKALA
kaemot uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2590065757939212&id=1684548218490975
Doh-dohan pandulunira
lon-alon prepet sang bagaskara
katon ampingan arga
ya Merbabu ing sandyakala
Pra jalma samya sidhem sedhela
memuji linuhung asma Pangeran
ngungun awit agunging kamulyanta
ya sumyaka rerepen kekidungan
Eloking wewayangan sang arga
mosik jroning driya
iba agung riptaning Sang Ma Wisesa
berkahing rumuntuh mring pra titah samya
JM, sandyakala, 30120
dening eNPe
Doh-dohan pandulunira
lon-alon prepet sang bagaskara
katon ampingan arga
ya Merbabu ing sandyakala
Pra jalma samya sidhem sedhela
memuji linuhung asma Pangeran
ngungun awit agunging kamulyanta
ya sumyaka rerepen kekidungan
Eloking wewayangan sang arga
mosik jroning driya
iba agung riptaning Sang Ma Wisesa
berkahing rumuntuh mring pra titah samya
JM, sandyakala, 30120
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar