SUMURUPANA KABECIKANE !
Ing sawijining adicara pengetan Palakrama Emas ana imbal wacana antarane Panata Cara (PC) karo ibu kang kagungan kersa.
PC : Miturut ibu ingkang garwa punapa wonten sipat kekiranganipun tumrap sesrawungan?
Ibu. : Kadya sakatahing lintang ing langit boten saged kaetang !
PC. : (kaget!). Punapa tumindakipun ingkang sae inggih kados mekaten kathahipun?
Ibu. : Sakedhik sanget ! kadya srengenge ing langit kalawau.
PC. : (bingung lan gregeten) Mila lajeng kados pundi ibu lan bapak saged gesang bebrayan salebeting seket warsa sih sinisihan dangunipun?
Ibu. : Kawuningana bilih sapletheking srengenge wiwit jumedhul sanalika sakathahing lintang ing akasa boten badhe ketingal.
PC. : Ngeram-eramaken !! Luar biasa !!
Eliding carita :
Drengki lan serik andadekake regejegan lan cecongkrahan, kosok baline rasa asih tresna-tinresnan andadekake urip rukun amarga bisa nutupi kekurangan.
Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah !
Tansah sumurupana kabecikane, buwangen kekurangan-kekurangane !
Kalanggengan paseduluran, kawasisan sesrawungan mring sisihane, karukunan bebrayan kulawarga bisa mawujud amarga padha tansah ngalah sarta nyumurupi kabecikan siji lan sijine adhedhasar sih katresnan.
Lukita rinakit dening eNPe saha kajarwakaken saking seratan ing WA kintunanipun sedherek. Willy Wiyanto alumnus FE UKSW '73
Kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=1708088579470272&id=1684548218490975

Komentar
Posting Komentar