SOBAT MITRA SINARAWEDI
kaunggah uga ing : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2567687676843687&id=1684548218490975
Asring kita mrangguli para kadang kang butuhake panglipur lan kakuatan supaya bisa nduweni kasantosan maneh saka ing kasusahan, kasangsaran lan sawernane momotaning urip kang lagi dadi sanggane.
Payo kita padha aweh panjurung kekuatan mring para mitra mau supaya bisoa enggal oleh pepadhang, kasantosan anyar kanggo madeg maneh ngayahi darmaning urip murih bisa tangi saka ing ngimpi anggayuh sedyaning kang kaesthi.
Ayo lumantar panjurung kita bisa angelingake mring pra kadang mau dene asih-tresnane Gusti Allah datanpa kendhat kaparingake mring pra kadang minangka umat titahe kang diasihi lan mujudake pangarepan agung tumraping urip kita ya umat titahe kang ditresnani.
Ayo murih bisa buka kapracayan ana ing pangrasaning atine dene KEGAGALAN lan KALUPUTAN bisa andadeake pangilon minangka pituduh kang migunani kanggo nemokake kasantosan lan tansah ngupadi kasedyan ana ing pangaubaning Gusti Allah.
DADIA MITRA SINARAWEDI SEJATI TUMRAPING SAPA BAE KANG NEMBE TUMIBA ING KAMOMOTANING URIP!
Dadia lilin kang sorote abyor madhangi ing palimengan!
JM, sirep bocah, 070120
dening eNPe

Komentar
Posting Komentar