NEDYA REBUT PANGUWASA

  kapacak uga ing :
https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2357628017849655/

Bilai wong kang padha ngrancang-ngrancang duraka, lan kang ngrantam-rantam piala ana ing pikiranne; sarta tumindak kang nora elok nerak tata sopan bebrayan kaprajan ya kanegaran.

Amarga prakara iku jalarane duwe rasa melik dadi jejere panguwasa, iya tumuli ngupaya ngrebut klawan nyebar pitenah gawe wirange panguwasa kang isih katetepake kalenggahane, ngrancang roda-peksa mawa cara nedya  bebujuk saperangan wong agawe rusuh.

Eling lamun Gusti Allah nora sare sarta nora bakal negakake bangsa kagungane diobrak-abrik karukunane dening wong-wong kaya mangkono.
Dene wus kaserat ing Kitab Suci, Mikha 2:3,  "Mulane Pangeran Yehuwah ngandika mangkene: Lah Ingsun ngrancang bakal nekakake bilai marang wong-wong iki, lan sira padha ora bakal bisa nguwalake gulunira saka iku, sira padha ora bisa lumaku kalawan angkuh maneh, marga wektu iku wektu kang nyilakani."

Para kadang sutresna sumangga padha andongake muga-muga ing titi wanci kang karancang mau nora kaleksanan, kabeh bisa wurung amarga kita pracaya dene padha mratobat awit pakaryane Gusti piyambak wong-wong mau diparingi melek atine dadi rasa kaduwung. Banjur kabeh balik padha anyengkuyung guyub rukun gegandhengan tangan ambangun praja kanggo mulyaning nagara lan karaharjaning bangsa.

JM, sirep jalma, 12519
        dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN